Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 3.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Tembang Gedhe Kuna (Kekawin) iku kaiket ing wewaton :
 - Guru wilangan,
 - Guru lagu, yaiku abot enthenging swara utawa dawa cendhaking wanda.

2. Tembang Tengahan iku satemene uga Tembang Macapat nanging wis ora populer, wis
  arang-arang kesrambah, uga nganggo ngelingi :
 - Guru wilangan
 - Guru lagu

3. Guru Wilangan lan Guru lagune tembang Kinanthi kaya ing cengkorongane ngisor iki :
  _ _ _ _ _ _ _ _ (8u)
  _ _ _ _ _ _ _ _ (8i)
  _ _ _ _ _ _ _ _ (8a)
  _ _ _ _ _ _ _ _ (8i)
  _ _ _ _ _ _ _ _ (8a)
  _ _ _ _ _ _ _ _ (8i)

4. Wayang-wayang ing ngisor iki njupuk lakon saka :
 a. Wayang Purwa njupuk crita saka purwa-purwa peranganing buku Mahabarata ing bab
   Pandhawa lan Kurawa.
 b. Wayang Klithik nyritakake lelakon jaman Pejajaran tekan Majapait, Prabu Brawijaya
   wekasan. Sing kondhang lakon Damarwulan - Menakjingga.
 c. Wayang Beber njupuk crita Panji, wujude gambar-gambar ing mori kang kabeber,
   banjur dicritakake.
 d. 'Wayang Gedhog (kedhok ⠀ topeng) critane saka layang Panji.

5. Kang nganggit layang-layang ing ngisor iki :
 a. Abimanyu kerem -->⠀ M. Soekir
 b. Srikandhi maguru manah -->⠀ Kyai Sindusastra
 c. Partakrama -->⠀ Kyai Sindusastra
 d. Jagal Bilawa -->⠀ K. Pangeran Arya Kusumadilaga
 d. Semar ⠀ jantur --> ⠀ K. Pangeran Arya Kusumadilaga

6. Kekawin weton jaman Kedhiri :
 - Samaradahana dening Empu Darmaja
 - Baratayudha dening Empu Sedhah lan Empu Panuluh26