Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 3.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi


Ibu Sri : "lya Ndhuk ? Wis bisa njoged apa bae ? Sing nganti pinter tenan lo anggone njoged ! Pawitane ora kena jelehan."
Gendhuk : "Lagi bisa njóged sawatara warna : golek, Minak Jingga - Dayun, Kupu-kupu, Gambyong."
Ibu Sri : "Wah, lah kok wis pirang-pirang warna.! Apa wis tau digebyagake?"
Ibu Brata : "Uwis Jeng. Malah uwis bola-bali. Etunge gendhuk iku rada kepilih. Jogede mula katon luwes."
Ibu Sri : "Mesthi bae luwes. Lah sing ditiru sapa yen ora Mbakyu. Anu lo Ndhuk ibu biyen dhek isih timur iya dadi pilihan saka anggone pinter njoged. Yen ibumu biyen njoged, wong-wong padha gumun luwese. Nganti pating domblong sing padha nonton."
Ibu Brata : "Ah, Jeng Sri kuwi ndhuk, wiwit biyen gawene mung ngalem ibu. Rak iya ta Jeng ? Lah ingkang putra sing wasis njoged 'Kuda Lumping' kae ana ngendi?"
Ibu Sri : "Ana Jakarta. Ana kana rekane iya ngedegake sekolah joged. Malah sing padha ajar njoged akeh wong-wong manca. Ana wong Walanda, wong Inggris, wong Perancis, Amerika, isih ana maneh Mbakyu, aku kurang dhamang."
Ibu Brata : "Ngono kuwi aku iya ngerti saka layang kabar. Malah gajege ingkang putra wis mider donya. Tekan Inggris, Jerman, Perancis, Sepanyol, Amerika. Mangkono iku kaemot ana layang kabar."
Ibu Sri : "Iya, mula mengkono Mbakyu. Critane thole, wong Eropa apadene Amerika iku padha gandrung joged Jawa. Padha sinau njoged Gambyong, Srimpi, Bedhaya. Uga padha ajar njoged kreasi anyar barang."
Ibu Brata : "Iya mengkono Mbakyu. Wong joged lawas lan anyar kuwi uga padha dene kabudayan Jawa; seni joged Jawa. Joged Jawa iku wis kawentar sadonya. Sapa sing ora gandrung, wong alus lan gambarane kaya ngono."

VI. KASUSASTRAN

Wangsulane pitakon-pitakon :


1. Tembang Gedhe Anyar iku mung nganggo wewaton:

   - Cacahing wanda ing dalem sagatra (kang diarani laku) iku padha bae.

25