Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 3.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Hariwangsa dening Empu Panuluh
Wrettasancaya dening Empu Tantular
Lubdhaka dening Empu Tanakeng

7. Layang-layang weton jaman Majapait, upamane :
Negarakertagama dening Empu Prapanca.
Nitisastra
Sutasoma utawa Purusasanta dening Empu Tantular.

8. Layang kuna kang isi bab wayang, kaya ta :
Ramayana (Kakawin)
Baratayudha (Kakawin)
Arjunawiwaha (Kakawin)
Perang-peranganing Mahabarata (gancaran)

9. Layang-layang anyar kang isi carita wayang, kaya ta :
Arjunasasrabau dening Kyai Sindusastra
Srikandhi maguru manah dening Kyai Sindusastra
Sembadra Larung dening Kyai Sindusastra
Jagal Bilawa dening K. Pangeran Arya Kusumadilaga.
Semar jantur dening K. Pangeran Arya Kusumadilaga.

10. a. Kasusastrane pujangga R. Ng. Ronggowarsita ing antarane marga :
   — Basa anggitane runtut, laras, edi peni, sinawung ing tembang kang krengga ing purwakanthi lan wewiletan.
   — Miwiti (mlopori) anane sandi-asma ing rumpakan tembang.
   — Layang wecane : Jaka Lodhang, Sabda-tama, Sabda-jati, Jayabaya.

   b. Buku-buku anggitane R. Ng. Ranggawarsita, upamane :
   — Pustaka Raja Purwa
   — Kalatidha
   — Paramayoga
   — Cemporet
   — Aji pamasa

10. Para priyagung kang kagungan anggitan, kaya ta!
Sunan PB IV, anggitane : Wulangreh
Sunan PB V, anggitane : Centhini
Sunan PB VII, anggitane : Angger nawala pradata

27