Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

III. PARAMASASTRA

LATIHAN

1. Rimbaging tembung-tembung sarana panambang en :

a. genti + en —> gentinen.
 — Jam olehku tuku iki gentinen !
b. wada + en —> wadanen
 — Garapane adhimu wadanen !
c. suru + en —> surunen.
 — Bubur iki surunen bae !
d. gule + en —> gulenen.
 — Daging wedhus iki gulenen !
e. soto + en —> sotonen.
 — Pitike belehen, banjur sotonen !

2. Rimbaging tembung dadi pakon tanduk sarana panambang a :

(a). a(N) + genti + a —> nggentia
 — Mengko sore nggentia Narti anggone nunggu toko !
(b). a(N) + wada + a —> madaa
 — Madaa mangsakane mbakyumu, kareben ngreti kekurangane !
(c). a(N) + suru + a —> nyurua
 — Kowe ya nyurua bubur iki, kareben endang entek !
(d). a(N) + gule + a —> nggulea
 — Mengko sore nggulea pitik bae !
(e). a(N) + paro + a —> maroa
 — Kowe maroa garapane sawah kakangmu !

3. Rimbaging tembung dadi pakon tanggap lan pakon tanduk sarana panambang ana :

a. suru + ana —> suronana (pakon tanggap)
a(N) + suru + ana —> nyuronana (pakon tanduk)
 — Bubur iku suronana bae !
 — Kowe nyuronana bubur iki nganggo suru godhong gedhang !

50