Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/53

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

 b genti + ana -> gentenana (pakon tanggap)

  a(N) genti + ana -> nggentenana (pakon tanduk)
  - Sepatuku gentenana selawe ewu rupiyah bae !
  - Kowe nggentenana sepatune adhiku !

 c. waca + ana -> wacanana (pakon tanggap)

  a(N)+ waca + ana macanana (pakon tanduk).
  - Majalah-majalah iki wacanana kareben tambah kawruhmu !
  - Kowe macanana majalah-majalah iki kareben tambah kawruhmu !

 d. sate + ana -> satenana (pakon tanggap)

  a(N) + sate + ana -> nyatenana (pakon tanduk)
  - Daging wedhus, daging sapi karo daging pitik sing ana
   dhapur iku satenana bae, mengko padha dipangan bebarengan !
  - Kowe nyatenana daging wedhus, daging sapi karo daging pitik sing ana ing dhapur iku, mengko padha dipangan bebarengan !

 e. paro+ ana -> paronana (pakon tanggap)

  a(N) + paro + ana -> maronana (pakon tanduk)
  - Roti-roti iki paronana, banjur dumen marang bocah-bocah sing padha dolanan kuwi !
  - Kowe maronana roti-roti iki banjur dumen marang bocah-bocah sing padha dolanan kuwi !

4. Rimbaging tembung-tembung dadi pakon tanduk lan pakon tanggap sarana panambang -na:

 (a). a(N) + suru + na -> nyurokna (pakon tanduk)
  suru + na -> surokna (pakon tanggap)
  - Kowe nyurokna embah bubur lemu iki !
  - Embah surokna bubur lemu iki!
 (b). a(N) + genti + na -> nggentekna (pakon tanduk)
   genti + na ->gentekna (pakon tanggap)
  - Kowe nggentekna sepatumu sing sesak marang kancamu !
  - Sepatumu sing sesak gentekna marang kancamu !

51