Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
  1. La ilaha illa’llah, aku ora ngira babar pisan, nek kowe ala kaya ngono, kuwi !
  2. Bener, eyang seda? Innalillahi wa inna ilaihi roji’un
  3. Anggonku ngrangkani anak kang nakale ora karuwan iku pancen ya kudu pawitan sabar lan tlaten, ya wala-wala kuwata bae.

D. Tegese tembung-tembung kang kacithak kandel ing ukara-ukara :

  1. Mahawikan = weruh ing samubarang prakara (sipating Allah)
    Mahaasih = welas asih marang sakabehing titah (sipating Allah)
    Mahaluhur = dhuwur dhewe panguwasane tumraping jagad saisine.
  2. ngemah-emahaken = ngawinaken
  3. Pemahanipun = pakarangan
  4. emah-emah = jejodhoan
    bibit = wiji
    bebet = turun(-an)
    bobot = kalungguhane, pangkate
  5. bale griya = omah sarta pakarangan
  6. griyanipun = omahe
  7. gegriya = omah-omah, manggon
  8. puji basuki = puji raharja (slamet)
  9. puji rahayu = puji slamet
  10. puji rahayu panjenengan = puji (donga) slamet
  11. puji sukur = donga atur panuwun
  12. sukuran = slametan ngaturake panuwun marang Pangeran
  13. sokur tiba = kareben tiba
  14. ya sokur ... wis lulus = ya matur nuwun marang Pangeran
  15. sokur bage = sokur alkamdulilah, dipuji bisaa, begja banget yen,

49