Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

VI. KASUSASTRAN

    1. Ciri-ciri tembang Kinanthi :
       - Guru lagu : u, i, a, i, a, i.
       - Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8,
  
    2. Tuntunan pangrumpakaning tembang macapat Kinanthi :
       a. Manut surasane kang kacekak dadi 2 :
          - Pancasila dadi dhasaring negara.
          - Pancasila iku jiwa kapribadening bangsa Indonesia.
       b. Saben topik paragraf (ukara baku) bisa diwenehi ukara-
          ukara tambahan saperlu, supaya dadi 2 paragraf kanh ca-
          cahing larikan ana 6, marga tembung Kinanthi iku ana 6 ga-
           tra.
       c. Saben sagatranr kudu karingkes supaya dadi 8 wanda
          kanthi ora ngowahi surasaning gatra, kanthi cara :
             - tembubg kang dawa diganti tembung kang cekak,
             - mancah tembung,
             - yen bisa migunakake tembung kawi.
        d. Swaraning pungkasane gatra kacocogake karo paugeran
           guru lagu (dhong-dhing) Kinanthi (8u, 8i, 8a,8i,8a,8i) kanthi
           cara :
                 -malik dhapukaning gatra
                 - ngganti tembung kang swarane cocog karo sing di-
                   karepake kanthi ora owah tegesem.
        e. Cengkorongane tembung Kinanthi :
              ___________ 8u
              ___________ 8i
              ___________ 8a
              ___________ 8i
              ___________ 8a
              ___________ 8i
28