Kaca:Kunci Mardi Jawi SMP 2.pdf/31

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

3. Cak-cakane :

Gancaran : Pancasila iku pancen nyata dadi dhasaring ne- gara Republik Indonesia. Mula pantes manawa kita antepi lan kita belani pati. Aja ana sing wani-

wani mamalangi.

Iku yen diteliti kadadean saka 3 ukara :

(1). Pancasila iku pancen nyata dadi dhasaring negara Re- publik Indonesia. (2). Mula pantes manawa kita antepi lan kita belani pati. (3). Aja ana kang wani-wani mamalangi.

Sarehne tembang Kinanthi iku ana 6 gatra, mula ukara telu ing dhuwur banjur didadekake ngloro kena -nambahi, ngu- rangi lan ngganti tembung amrih luwese, nanging ora ngowahi kareping ukara, upama :

(1). Pancasila iku nyata,

(2). manawa dadi dhasaring negara Republik Indonesia

(3). Mula pantes yen kita wajib

(4). ngantepi lan mbelani-pati

(5). Aja nganti. ana kang gawe rubeda

(6). mamalangi jejeging negara. Ngengrengan gatra Kinanthi kang cacahe 6 ing dhuwur iku banjur diothak-athik cacahing wanda lan dhong-dhinge su- paya cocok karo cengkorongan Kinanthi sarana :

— ngganti tembung kang luwih cekak/dawa nanging padha surasane. ;

— malik ukarane nanging ajeg surasane.

— sokur yen bisa nemokake tembung kawine.

upamane : Kinanthi ;

Nyata Pancasila iku (Bu)

dhasaring nagari RI (81)

Dadi kuwajiban kita (Ba)

mbela mrih jejeging nada (8i)

Ywa kongsi antuk rubeda” (Ba)

mangka palanging nagari (6i)

(mangka = kang dadi, minangka)

29