Kaca:Kridha Basa 1.pdf/80

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

V. Pacelathon ing ngisor iki wacanen sing patitis!

Muslih: Lik Tari mau lunga nang ngendi tah, Ran, sedina kok gak ana kétok.
Ranti: Mbuwoh.
Muslih: Mbuwoh? Mbuwoh nang ngendi tah?
Ranti: Nang Bangsri.
Muslih: Karo sapa?
Ranti: Karo Mbahé, karo Lik Siti, karo Ibu.
Muslih: Lik Dhénok apa gak mélok, tah?
Ranti: Kaya-kaya gak mélok.
Muslih: O, iya. Lik Dhénok lagi bèlèken.
Ranti: Hee, Lik Dhénok ketimbalan bèlèké Lik Landhung.
Muslih: Lik Tari mau nunggang apa?
Ranti: Ngumbal kol.
Muslih: Wah, saiki, kait dalane diblaki, lelungan nang ngendi-endi kepénak. Sawayah-wayah ana tunggangan.
Ranti: Kuwi merga awaké dhéwé saiki wis merdika. Rak iya, tah?!
Muslih: Gak klèru kandhamu.
Ranti: E, lha ika wis dha balik.
Muslih: O, iya. Ayo dha dipethukna!
Ranti: Ayo!


Katrangan:

1. mbuwoh : nyumbang

ketimbalan : ketularan

ngumbal : nunut

kait : wiwit

diblaki : diaspal

2. Pacelathon ing dhuwur kuwi nganggo basa Jawa dhialěk Jawa Tengah pesisir lor.

75