Kaca:Kridha Basa 1.pdf/81

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

VI. Wacanen kang patitis!

Dados Penggalihan

Kacariyos, kala rumiyin ing nagari Surakarta wonten satunggaling priyantun luhur, asma Pangéran Nataséwaya, kagungan putra namung satunggal jaler sakalangkung mursid, nama Radèn Mas Riyanta, wiwit umur nem taun lajeng katilar séda ingkang rama, lestantun kaemong ingkang ibu wonten ing dalem Nataséwayan.

Sampun temtu kémawon Radèn Mas Riyanta sanget dipun tresnani déning ingkang ibu, tansah ingela-ela dinama-dama, dipun uja ing sakarsa, boten naté kacuwan, awit suwargi Pangéran Nataséwaya sakalangkung sugih, kathah barang tuwin rajabrana tetilaranipun.

Sareng sampun umur pitung taun, Radèn Mas Riyanta lajeng pisah kaliyan ingkang ibu, kasekolahaken wonten ing Semarang tumut ingkang paman anama Radèn Mas Tandhawijaya, inggih punika sadhèrèkipun enèm Radèn Ayu Nataséwaya. Wonten ing ngriku Rađèn Mas Riyanta ketingal majeng pasinaonipun, amargi adhasar remen marsudi dhateng kawruh tuwin dhateng sadhéngah kagunan. Wondéné ingkang dados kasenenganipun inggih punika nggambar mawi pulas, cèt tuwin sanès-sanèsipun. Enggalipun, sareng umur kawan welas taun, Radèn Mas Riyanta lajeng kondur dhateng Surakarta malih.

Kacariyós, Radèn Mas Riyanta sampun wanci jejaka, kala semanten lajeng remen anggegulang kekendelanipun, inggih punika lajeng remen lelana tindakan ing wanci dalu boten mawi kanthi. njajah ing panggénan ingkang sepi-sepi, terkadhang anencem sarira wonten ing lèpèn-lèpèn, boten kétang sayah arip asrep sarta katisen, konduripun sabèn sampun byar énjing......................................................

(Serat Riyanta, R.B. Sulardi)

76