Kaca:Kridha Basa 1.pdf/79

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Wong (lunga) mrabot ngambah dalan gawat, salokané: kutuk nggéndhong kemiri.
  2. Sing ora bisa ngampet padha nangis (senggruk).
  3. Nunggoni wong lara aja karo (guyu).
  4. Wis suwé ora ketemu, bareng ketemu padha (tangis).
  5. Yèn kowé kesusu, critakna (ringkes) baé!
  6. (Gawé) durung rampung wis ditinggal nglenthar, kuwi jenengé tinggal kokoh.
  7. Ing Pulo Bali akèh (sawang) sing nengsemaké, upamané ing Tanah Lot, Bedhugul, lan Kintamani.
  8. (laku) sing wis kolakoni kuwi dadèkna tepa palupi kanggo sanguning uripmu.
  9. Ing patamanan kathah (sekar) manca warni, ésthanipun sami ngongasaken kelangkunganipun piyambak-piyambak.


B. Ana panambang an sing rumaketé ing tembung lingga ora nganggo ngrangkep wanda purwaning lingga. Mara, tembung-tembung andhahan mawa panambang an ing ngisor iki gawénen ukara sing luwes!

1. cathetan

2. apalan

3. aleman

4. adon (adu + an)

5. balapan

6. garingan

7. salaman

8. wangsulan

9. guyon (guyu + an)

10. jothakan

IV. Tembang telung pada ing dhuwur owahana dadi dhapukan gancaran!

Upamané, wiwitana kaya ing ngisor iki!

Wajibing Ngagesang

Tiyang gesang punika, sedaya kedah nggayuh gesang ingkang utami. Srananipun wonten tigang warni. Inggih punika, sepisan kedah ngenggèni budi luhur. Ingkang angka kalih..................lan sapituruté.