Kaca iki wis dikorèksi
Erliyana
GO-JEK
Ijo-ijo bregada dalan aspal ireng wis cumepak
Angin kang sumilir agawe sarira katon grapyak
Sang bagaskara wiwit esuk panase ora isa ditolak
Rina ganti wengi ora ana sliweran montor
Aku kudu piye……
Sawise ana Corona iki,urip kaya biasane
Ngelingi kahanan mangkene, ora ana sing njaluk diboncengke
Isaku mung sambat anggonku menehi ragad kulawarga kepiye
Sakabehane lelakone urip ora liya dinggo njangkepi peteng lan
padhang kadonyan
Memetri cahyaning budi kudu diopeni kanthi ati kabagyan
Senajan awakku kayadene semut kelangan papan
Nanging aku percaya marang pitulungane kang maha sandhang
pangan
42
KRAKITHA KALAH WEGIG