Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/54

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Erliyana

Wis Wektune Ilang

Wong sing ora duwe pitungan marang dheweke dadi tumbal
Ora ana angin lan udan wes pating gleseh tanpa bantal
Pratandha turu sing ora bakal tangi maneh
Pratandha urip saklawase tanpa obah maneh

Kabeh wis diitung dening Gusti kang maha mangarteni
Mikir jero, ngrasa yen urip ing alam donya ora isa diopeni
Kabeh kudu ngerti manungsa iku mung sadrema nglakoni
Arep bocah cilik apa gedhe, wong enom apa tuwa mesthi bakal
nemoni pati

Sejatining corona iki wis dadi pepesthen
Akehing prastawa pratandha alam donya njaluk ganten
Donya iki wis kathon judheg marang tindak-tanduke tukang
golek klangenan
Yen wis kethuk wektune mesthi bakal ora obah, ora usik

Antologi Geguritan, Esai, Cerkak Bulan Bahasa dan Sastra

41