Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Muhammad Arif

Jogja

Jogja iku minangka kutha pelajar
Panggonane wong kang pinter
Dudu panggonane wong kang keblinger
Keblinger marang bab kang ora pener
Jogja iku pancen luhur
Luhur bebuden lan pitutur
Joja iku misuwur
Misuwur amarga gunung dhuwur
Jogja iku makmur
Makmur amarga siti kang subur
Yen jogja iku ajur
Iku lelakone wong kang ora duweni bebuden luhur
Ayo pra kanca
Nggawe jogja supaya luwih tumata
Tumata akhlake lan bebudene
Supaya jogja bisa dadi sae

Sae bab masyarakat lan agamane

Antologi Geguritan, Esai, Cerkak Bulan Bahasa dan Sastra

43