Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/34

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

3. Gusti Widi

Ing wayah lastri
Keprungu swata tirta ing ngarep wisma
tirta kabasuh kanggo madhep Gusti Widi

Umat Islam kawajib sholat
Kanggo ngibadah marang Gusti Widi
Kang maringi kita rezeki, kasarasan, lan karaharjan

Gusti Widi kang angripta jagad
Kanggo umat manungsa
Supaya eling marang Gusti Widi

Gusti Widi kang duweni panguwasa
Kanggo netepi takdir manungsa
Mula sholat kudu kajaga
Sadurunge kita padha pralaya

Ing jagad iki mung sawetara
Golek amal becik sakakeh-akehe
Aja gawe angkara
Muga kita slamet saka dahana neraka

Antologi Geguritan, Esai, Cerkak Bulan Bahasa dan Sastra

21