Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/35

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Andi Tristianto

Kadang Tani

Pletheking srengenge, pratandha raga kudu enggal lumaku
Jangkahmu mung gumantung banyu sing diulu
Cikat polahmu, sigrak tandangmu
Panas tan digagas, udan tan digugu
Donga uga tenaga kang dinggo sangu

Baskara kang ngobong ing wanci rina
Dilakoni kanggo golek boga
Kanthi modhal pikir uga tenaga
Tanpa sambat tanpa nggresula
Kanggo nyukupi butuhing kulawarga

Nalika sunaring baskara wus kadya geni
Njerit rasaning ati
Asring banyu mata mili, nalika tandur ora cukup wiji
Uga udan sing dienteni, tan enggal nelesi bumi
Sarung jagung, abot entheng kabeh kudu dilakoni

Ananging nalika udan wus ngrangkul bawana
Lemah kang nela wus kilenan tirta
Wiji kang tuwuh, katon endah disawang netra
Mongkog rasaning jiwa
Musna sewuning nalangsa

22

KRAKITHA KALAH WEGIG