Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

2. Angkara

Angkara...
Setan ngebaki ngendi-endi papan
Nggegodha para jalma gawe angkara

Mung dadi pangeling
Marang panasing dahana neraka
Mula para kanca imanmu kuwatna
marang setan sing nang kana-kana

Sapa sing gelem sholat panca wektu
Namung slira yekti
Kabeh puja-puji
mung kanggo Sang Hyang Widi

Supaya para jalma
Ameruhi dalan kang pener
adoh saking angkara

20

KRAKITHA KALAH WEGIG