Menyang kontèn

Kaca:Kidung Megatruh.pdf/57

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

lan dadi uwuh ning masyarakat. Aku uga dadi sanggan wong tuwaku. Bisaku mung nangis lan ra bisa ngapa-ngapa maneh. Pokokke ngimpi kuwi ngenes banget. Uripku saben dina mung tangi turu, adus, mangan, lan resik-resik mbiyantu gaweanne Ibuku.

Pas dina Minggu aku le tangi kawanen, banjur aku digrujug banyu jarang karo Juraganku. Le ngrujug pas ning sirahku, raiku dadi abang lan mlempung-mlempung ora karuan. Aku kogel-kogel lan ujug-ujug tangi. Awakku gembrobyos lan ngos-ngosan. Tujune kuwi mung ngimpi wae, ora nyata.

Tangi turu aku banjur adus, dolan ning omahe Ratih arep ngrembug bab Parno. Ratih kuwi kanca cedhakku wiwit cilik. Sapa ngerti Ratih duwe carane. Aku mesakake karo Parno amarga dheweke duwe niyat sing gedhe kanggo nerusake sekolah masak mung amarga ora bisa ngragadi sekolah banjur mberot. Rak ya eman-eman ta...! lha dheweke isih enom, durung wektune nggolek dhuwit, Pas ning dalan, ora sengaja pit montorku nabrak kucing nganti mati.

Aku dadi kelingan mitos Jawa sing dicritake karo Budheku wingi sore. Jarene nek nabrak kucing lan mati kuwi aku utawa sedulurku bakal ngalami kacilakan. Maune aku ora percaya karo mitos kuwi. Ning ana buktine yen mitose kuwi bener. Sedulurku sak kluwarga bali saka omahe simbahku, ning dalan ora sengaja nabrak kucing lagi nyabrang. Banjur sak minggu sawiseanake karo bapakke tabrakan lan sikile tugel.

Aku nggawa bali kucing sing mati kuwi, tak bungkus kain kafan banjur tak pendhem ning lemah mburi omah, karo ndonga. Aku banjur langsung lunganing omahe Ratih, Aku ngrembug bab Parno.

“Tih, piye ya aku lagi bingung iki bab Parno”

“Lah, koweki ngapa? Tresna karo Parno pa piye?” “Ya ampun, ya ora, Tih. Kowe iki ana-ana wae. Parno kuwi pengen banget nerusake sekolahe ning dheweke ora duwe ragad. Aku pengen mbiyantu dheweke Tih” “Lha piye. Bocahe dhewe piye? Niyat sekolah ora?” “Iya. Bijine apik-apik, catetane uga runtut lan dheweke kuwi duwe gegayuhan bakal ndherekke Bapak lan Ibu menyang negara Landa. Ning Bapakke wis seda. Mangka mung Bapakke kuwi sing bisa ngragadi sekolahe”

Ratih dadi trenyuh ngrungokake critaku. Dheweke uga kepingin mbiyantu Parno nanging dheweke ya bingung piye carane le arep mbiyantu.

“Nyuwun tulung Bapakkeawak dhewe wae pa, Tih?”