Aku banjur mbukak buku-buku sing patingslebar lan ndeleng rapote Parno. Cathetaneakeh lan pepak. Biji rapote uga apik-apik lan ora ana sing abang. Bij ine kabeh luwih saka 8. Dheweke entuk rengking 3 utawa 4. Pokokeisih 5 besar ning kelase. Ora luwih lan ora kurang.
“Kowe kuwi ya klebu cah pinter lho Par.. Bijimu apik-apik, cathetanmu rapi lan lengkap, luwih rapi tinimbang cathetanku.” “Lha inggih menika kula pengin sanget saged ngejak Bapak lan Ibu kula dhateng negara Landa. Wiwit saking alit kula sampun dituturi supados sinau ingkang sregep lan gemi. Menawi Bapak taksih gesang kula mesthi sampun nganggeseragam biru pethak kados Mbak Dewi samenika, “
“Husss.. aja ngomong kaya ngana. Kabeh lelakon urip kuwi ana nang astaning Gusti Kang Maha Kuwasa” “Kados pundi nggih, Mbak, supados kula saged nerasaken sekolah? Kula menika sampun ngedol pit kula, nggadekaken ali-ali Ibu kula, mendhet sedaya celengan warisanipun Bapak. Nyelengi, nglempakaken gajinipun Ibu nanging sedaya menika mboten cekap kangge ragad sekolah kula. Lajeng kados pundi nggih Mbak?”
Aku bingung ditakoni bab kaya ngana kuwi, Eman yen parno ora nerusake sekolahe. Bocahe isih cilik ning ora ana ragad sekolah. Mangka bocahesregep lan pinter. Beda karoaku singiso sekolah manging isih wegah- wegahan, kesed sinau, kesed nyathet, sing penting mangkat sekolah lan bali saben dinane. Kamangka Bapak lan Ibuku isih bisa ngragadi aku ning kok aku malah isih kesed-kesedan. Coba Parno dadi anake Bapak lan Ibu mesthi
wis dadi pinter lan uwis duwe prestasi sing bisa marakake Bapak lan Ibune mongkog.
“Ooohhh. Ya mengko tak pikirke maneh yo, Par. Aku arep salin ndhisik. Aku sumuk banget. Bukumu diringkesi ndhisik, Ndak ketok reged banget.”
Parno manthuk kanthi manteb lan uwis bisa ngguyu maneh. Pas aku mlaku metu saka kamar dheweke ngematke nganti mentheleng nyawang seragamku sing isih mambu anyar kuwi,
Mlebu kamar aku isih mikir-mikir maneh piye carane kareben si Parno bisa nerusake sekolah maneh. Aku ndelengakejam., Saiki wisjam telu awan, mulakna wis ngantuk. Aku banjur turu lan ngimpi elek. Aku ngimpi yenaku kuwi nasibe kaya Parno. Aku dadi anake rewang, ora bisa nerusake sekolah, lan mung diece-ece karo tangga sakiwa tengenku. Aku ora kanggo