“Yaya ...pinter kowe! Ning Bapakku lan Bapakmu priyayine rada angel ta?” “Sapa ngerti kersa”“Ning iki le ngomong ya aja serius-serius sing rada kepenak wae. Sepisanan kowe ngomongke uripe Parno ndhisik banjur sesukke kowe takon piye carane kanggo nggolekke ragad kanggo Parno!”
“Dadi sok-sok mung nyuwun pirsa ngana?” “Ho'oh sukur-sukur dikandhani utawa malah dibiyantu sisan.” “Muga-muga ya kaya ngana ya, Dew,”
Aku bali nang ngomah banjur matur bab Parno karo Bapak. Nanging kaya-kaya Bapak isih sayah sawise kondur saka kantor. Aku ora wani matur akeh. Aku uga mung crita karo lingguhan nang lincak mburi omah, ngombe teh lan maca koran karo ngancani Bapak. Iki awalan sing apik, miturut pemikiranku dalanne bakal mulus. Biyasane Bapak langsung muring-muring ora karuan yen disambati,
Ora krasa ning mburiku ana Parno lagi nguping. Aku dadi ora kepenak dhewe, aku mlebu omah banjur nelpon Ratih. Ratih uga ora wani maturakeh-akeh amarga Bapakke ya isih sayah amarga kondur saka kantor. Bapak uga crita ning kantore lagi akeh gawean dadi awake sayah kabeh. Ateges Bapakke Ratih uga akeh gawean amarga le ngasta sak kantor. Wah, ketoke rada angel ki nyuwun tulung karo Bapak. Kira-kira aku bisa ora ya mbiyantu si Parno, mangkono pikiranku,
Ning kamar aku ketemu Ibu sing lagi maos koran, Aku nyritakake yen mau sore aku nabrak kucing lan mati, Ibu banjur ngakon aku tuku kembang kanggo ngedusi motore kanggo mbuwang siyal. Ibu pancen isih ngugemi mitos Jawa kaya ngono. Aku banjur lunga tuku kembang ning Pasar cedhak omahku. Tekan omah aku ngguyang motor direwangi Parno.
Wengine aku sinau ning kamar, karo ngapalke sejarah amarga sesukke aku ana ulangan. Aku krasa ana uwong sing ngematke aku. Aku ngindhik saka jendela kamar, Parno lagi lingguhan karo ngrungokake anggonku sinau. Saben dina meneri aku sinau ning kamar, Parno mesthi ngrungokake.
Kurang luwih wis 2 minggu iki aku nggolek cara. Ning asile nihil. Aku ya ora dhewekan, dibiyantu karo Ratih. Njaluk tulung kiwa tengen ora ana sing gelem. Alesanne amarga nggolek dhuwit jaman saiki ora gampang, urip waeisih kangelan, nguripi awake dhewe durung katon bisa masak arep ngragadi wongliya. Aku dheweisih wedi matur karo Ibu utawa Bapak.