TEMEN TINEMU Cinudia Yessy Sekartaji
Aku duwe rewang jenenge Yu Murtri. Yu Murtri duwe anak siji, jenenge Parno. Umure kurang luwih 14 taun, luwih tuwa 3 taun saka aku. Wiwit aku mlebu klas 1 SMP Parno senengane nangis ning kamar ora sakpengerten wong liya apa maneh Ibune dhewe. Sawijining dina, aku krungu dheweke nangisawan-awan pasaku bali sekolah.
Bapak Ibuku durung kondursaka kantor, Kangmasku lagi turu, lan Yu Murtri dhewe lagi nggosok klambi nang kamar mburi karo ngrungokake radio. Aku ngindhik saka lawang kamare Parno. Dheweke lagi lingguh karo nangis. Aku langsung mbukak lawang, mlebu kamare isih nganggo sragam SMbP-ku. Parno kaget lan langsung ngelap mripate sing kebak luh. Aku jinjit mlebu kamaramargajobinne kebak buku, ora ngerti buku apa wae kuwi kok nganti semana akehe.
“Par, kowe ngapa je kok nganggo nangis awan-awan? Awakmu lara, pa? ““Mboten mbak, kula mboten napa-napa namung kula radi kagol kaliyan gesang kula.””Lha ngapaje, Par? Mbok kowe crita karo aku. Nyantai waeora takandhakke sapa-sapa.”
Parno banjur gelem crita wiwit dheweke cilik nganti saiki. Biyen dheweke diragadi sekolah karo bapakne. Nanging pas dheweke mlebu kelas 6 SD Bapakke seda amarga kesrempet Truk. Amarga kedadeyan kuwi dheweke ra bisa nerusake sekolah maneh. Parno nyritakake karo nangis sesenggukan.
“Mbak, kula menika gadhah gegayuhan ingkang inggil sanget, kula inggih sampun janji kaliyan swargi bapak. Kula badhe ndherekaken Bapak kaliyan Ibu dhateng negara BeBelanda. Eh malah Bapak sampun disuwun kaliyan Gusti. Kula gela sanget.”
“Kuwi ateges Bapakmu luwih ditresnani karo Gusti. Gusti uwis kagungan rancangan kanggo uripmu, No, Sing sabar wae ya le ngadhepi uripmu. Koweaja gela lan nglokro ngadhepi urip iki.” “Inggih, Mbak, buku- buku menika gadhahan kula. Buku-buku kula wiwit SD kelas 1 dumugi kelas 6. Menika rapot-rapot kula. Bijinipun nggih mboten awon sanget. Kula temtu angsal rengking, mbak.”