Kaca:Kidung Megatruh.pdf/19

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Sawektu Suti lan Bejo ngguyu cekakakan, montor mabure ujug- ujug oleng lan lampune mati. Aku weruh swiwi kiwane montor mabur tugel separo. Kabeh wong ing montor mabur padha bengak-bengok keweden. Aku uga bingung, nanging aku kelingan apa sing diparagakake karo pramugari mau. Langsung aku njupuk parasut lan pelampung ing ngisor kursiku.

“Kanca-kanca! Ayo jupuk parasut ing ngisor kursimu dhewe- dhewe!” Saking kewedene, nganthi padha ora bisa nganggo parasute. Aku nyoba tetep kalem ora wedi sinambi ndonga ing sajroning ati, “Duh, Gusti, paringana keslametan dhumateng sedaya penumpang, amin.”

Ndilalah parasutku suwek. Aku gelo banget, “Waduh Gusti, kenging menapa kula kedah wangsul samenika.” Sajroning kabingunganku, ana sawijining penumpang kang wis sepuh kang lungguh ing ngarepku ngulungake parasite.

“Jupuka parasit iki. Aku pengin mati ing kene wae. Kana gek metu!”

Akubingung kok priyayi sepuh iiki malah ora pengen slamet.

“Lha simbah, pripun?” pitakonku karo bingung. “Aku wis tuwa. Yen mati ora apa-apa. Bojo lan anakku uga wis ora ana. Kowe isih enom. Eman-eman yen mati. Mengko yen kowe wis slamet aja gelut karo kanca- kancamu meneh ya! Sing akur.” welinge simbah sinambi ngulungi parasite.

Aku mikir yen simbah iki mesthi ngrungokake pasulayanku sakanca mau. Cepet-cepet aku nampa parasut kuwi, “Matur nuwun nggih, Mbah. Mugi-mugi Simbah mlebetsuwarga.”

Aku mlayu menyang pintu darurat sisih tengen. Siji-siji wong padha mlumpat saka montor mabur. Sakwektu aku arep mlumpat, aku nyawang simbah kuwi malah mesem marang aku lan nglambehake tangane. Babar pisan ora ana rasa wedi utawa kuwatir mati ing pasuryane.

Beja, aku slamet tekan lemah.

“Gusti, paringana berkah dhumateng simbah kala wau ingkang nulungi kula.” dongaku karo mbrebes mili.

Aku bingung kudu tumuju menyang endi. Ora ana wong, sepi banget. Aku uga ora ngerti aku ana ing endi. Aku ngadeg lan mlaku alon- alon nurut kali. Ora adoh aku mlaku, keprungu swara wong nangis. Kanthi rasa wedi, aku ora wani nyedhaki swara kuwi, nanging aku kepengin ngerti sapa sing nangis ing tengah alas iki. Daksawang saka adoh, jebule Bejo sing, lagi nangis.