Kaca:Kidung Megatruh.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Wis ayo mlaku, rasah nangis, awake dhewe kudu bisa metu saka alas iki.” Aku ngajak Bejo mlaku bareng, Nanging Bejo malah tetep nangis, ora gelem ngadeg. Suwi-suwi aku anyel marang dheweke, “Manja banget, ta. Bocah gembeng.”

Akulangsung mlayu marani Bejo, “Jo, ayo mlaku!” Bejo mung gedheg-gedheg karo ndungkluk. Dakdheleng jebul sikile Bejo sowek amba banget metu getihe, Cepet-cepet aku nyowek klambiku, dakubet-ubetkeing sikile Bejo.

“Ngapura ya, Jo. Aku ora ngerti yen jebul sikilmu lara.” “Nduk, kowe mlaku wae dhewean, kowe kudu slamet, ora sah kuwatir marang aku.” Bejo ngongkon aku sinambi menehi aku roti saka sak klambine.

“Iki roti kanggo sangu kowe ing dalan, tinggalen aku.” aku rumangsa menawa Bejo kuwi bocah sing apikan banget. “Ora, aku bakal ngancani kowe, ngobati sikilmu nganti mari. Mengkop awake dhewe mlaku bareng metu saka alas iki.” Bejo mung meneng wae karo nyawang aku. Rong dina aku urip karo Bejo, “Jo, iki rotimu, Kowe kudu mangan ben cepet mari.” Aku ngongkon Bejo.

“Orasah, aku ora ngelih. Kanggo kowe wae, Nduk. Aku ora gelem kowelara.”

Lagi pisan iki Bejo duwe kawigaten karo aku. Gelem ngalah lan ora egpis kaya biyasane. Nanging aku ora tegel karo Bejo, aku uga ora gelem yen Bejo tambah lara. Banjur aku duwe ide,”Ya wis, rotine dipara loro ya, separo kanggo aku, separo kanggo kowe.”Bejo manthuk-manthuk karo mesem. “Ya, kuwi luwihapik.”

Pas lagi dakpangan, aku ora nyangka yen jebul roti cilik rega limang atus kuwi dadi krasa enak banget ing ilatku. Luwih enak rasane tinimbang yen mangan dhewe. Roti kuwi sing marai aku lan Bejo bisa akur, kamangka kuwi mung roti murah rega limangatusan, Sawise sikile Bejorada mari, aku lan Bejo nerusake njajah alas. Ing dalan aku lan Bejo bisa akur banget, tulung-tinulung ing saben rekasa sing awake dhewe adhepi, mlaku bareng, nyabrang kali uga bareng, Malah bisa gojeg lan crita bab sing marai ngguyu.

“Nduk, ngapuranen aku, ya. Aku kerep marai kowenesu lan anyel marang aku.” Aku ngerti rasane bisa rukun karo mungsuhku. Wong sing kerep gelut karo aku. Embuh ngapa aku betah urip ing alas iki karo Bejo, sanajan biyasane aku crah karo Bejo.