Menyang kontèn

Kaca:Kidung Megatruh.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

kanggo nyenengake wong tuwaku. Aku ora pelem yen wong tuwaku nduweni rasa keduwung, Sinambi mengo nyawang Bapak lan Simbok, aku mlaku alon tumuju lawang kang nyambungake ruang tunggu lan lapangan lepas-landas. Sawise tekan lawang aku nglambehake tangan marang Bapak lan Simbok. Wusanane, aku lan kanca-kancaku bisa ndemok montor mabur tenanan.

“Wah, jebul montor mabur kuwi gedhe banget, ya,” rerasanku sajroning ati. Aku sakanca banjur mlebu montor mabur kuwi.

“Weleh-weleh, kaya mangkene iki ta njerone montor mabur. Apik banget.” Grenenge Bayu. Suti nyauti banter, “Wooo, lha wong ndesa, ora tau numpak montor mabur.”

Bayu ngrasa isin banget karo wong-wong ing njero montor mabur kuwi. Dheweke uga lara ati jalaran Suti ngarani dheweke “wong ndesa”. Sawise nyelehake tas cilik ing bagasi nduwur, kabeh wong padha lungguh ing kursine dhewe-dhewe manut nomer kursi sing wis kacathet ing tiket. Aku lungguh ing antarane Suti lan Bayu. Dene Sutris lan Bejo lungguh ing mburiku. Sawise mapan lungguh, sawijining pramugari nerangake tata carane nganggo sabuk pengaman, pelampung, lan alat bantu pernapasan yen tekanan kabin mudhun.

Bayu ora nggathekake, malah ngomong wae karo Suti, “Sut, kowe kok omongane kaya mangkono, ta. Atos banget. Aku ya isin, nganthi wong sakmontor mabur krungu.” Suti ora ngrewes, malah nyawang njaba. Dhewekeuga ora gelem njaluk ngapura.

“Iya, Sut. Kowe kuwi, lho, Mbok aja kebangeten kaya mangkono mau. Ora becik,” aku mbelani Bayu, “Walah, kaya ngono wae kok bingung. Ora susah isin, Pancen kowe kuwi wong ndesa, ta. Aku omong kayata saktenane, ta!” wangsulane Suti,

“Iya kuwi Bayu sensitif banget, kaya mangkono ndadak dipikir tenanan. Pancen sanyatane kowe kuwi ndesa, Ora kaya aku, sanajan saka ndesa, aku wis kaping lima numpak montor mabur,” Bejo umuk banget,

Wah, kahananedadi ora kepenak. Aku sakanca padha ributdhewe, kajaba Sutris. Dheweke mung meneng, ora menehi komentar, Aku ngerti yen sakjane Sutris anyel banget marang aku sakanca.

“Tris, cangkemmu kok delehake endi, ta? Ilang, pa?” ujare Bejo karo ngguyu cekakakan. ”Jo, kowe ora ngerti, pa, yen Sutris kuwi ora duwe cangkem? Hahaha..... Dheweke kuwi patung mlaku!” ujare Suti madep Bejo ngeceSutris kang meneng wae.