Menyang kontèn

Kaca:Kidung Megatruh.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Tris, bayem mingkem, Tris! Kelebon laler lho mengko!” aku ngelingake Sutris. Bejo banjur marani aku lan Sutris. “Heh, padha ngerti ora ngapa montormabur sirahe digawe kaya mangkono?” pitakone Bejo.

“Lhaembuh. Pancen kaya mangkono bentuke,” wangsulanku. “Lha kuwi yen wong ora ngerti fisika. Pitakonan kaya mangkono wae ora ngerti. Bodho!” Bejo ngeceaku.

Saka mburiku, Suti njujug mangsuli, “Sirahe montor mabur digawerada lancip kanggo mbelah angin yen lagi mabur lan nyuda tekanan angin saka ngarep,” wangsulane Suti. Suti lan Bejo banjur omong sajak umuk,” Ngene iki wong pinter fisika!”

Aku lan Sutris dadi jengkel marang bocah loro kuwi. Jeleh omongan karo Bejo lan Suti, aku mlaku marani Bapak lan Simbok kang lagi lungguhning kursi tunggu.

“Pak, Mbok, nyuwun donga pangestu nggih, supados kula pikantuk sukses dados dhokter. Mangke kula sowan tilik Bapak kaliyan Simbok menawi prei. Bapak kaliyan Simbok ngersakke oleh-oleh menapa saking Amerika?” Krungu pitakonku, bapak lan simbok malah nangis banter banget nganti wong-wong ing ruang tunggu padha ngulatake.

“Welingku, kowe aja kaya mbakyumu, ya. Aja dadi bocah mbeling yen adoh saka wong tuwa. Kowe kudu bisa ngopeni awakmu dhewe,” pesene Bapak. Bapak ngendika kaya mangkono kuwi jalaran mbakyuku adol narkoba sawektu nyambut gawe ing Batam. Bapakku ora gelem yen aku dadi kaya mbakyuku sing saiki ndekem ning penjara.

“Mengko yen kowe ana apa-apa, telpon Pakde Tole, ya. Aja lali. Ngati-ati ing kana, aja sembrono ya, Nduk!” Simbok ngelingake aku.

Sawetara wektu aku krungu wara-wara menawa montor mabur Garuda tumuju Jakarta, sing arep daktumpaki, wis teka. Aku pancen kudu transit menyang Jakarta dhisik amarga ora ana montor mabur saka Jogja kangujug-ujug mabur menyang Amerika.

“Inggih, Pak, Mbok. Kula bidhal rumiyin, nggih. Montor maburipun sampun dhateng.”

Krungu aku pamit, Bapak karo Simbok nangis saya banter kaya ora ngeklasake aku lunga. Suwi-suwi aku dadi trenyuh lan mbayangake yen urip adoh saka Bapak lan Simbok. Aku uga melu nangis ing sajroning ati, nanging aku tetep kudu mangkat. Aku kuliah supaya dadi dhokter uga