Kaca:Kidung Megatruh.pdf/114

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

dheweke banjur meneng nglokro. Bocahbocah wis padha lemes amarga permainane sengit. Angga banjur kelingan marang Efan. Dheweke ngundang jenenge Efan ing kjeroati.

“Efan, tulung ewangi timme dhewe. Aku njaluk tulung tenan, Fan. Amarga mung kowesing bisa nulungi. Mreneya, Fan,” batine Angga.

Dhilalah ing tengahing pertandingan ana angin kang banter. Ngobatabitake umbulumbul kang ana ing lapangan. Sawetara kahanan bali anteng maneh. Ing antarane pemain basket, Angga weruh Efan. Dheweke ngadeging sak mburine lawang. Efan nguyu lan tangane ngawe-awe.

Atine Angga bungah. Pertandingan diwiwiti maneh. Sawise Efan teka, tim basket SMA Institut Indonesia bisa madhakake biji dadi 19 19. Anggota tim uga semangat maneh. Anggone main, Efan mlebu ing awake koncone dadi ora ana wong sing ngerti kajaba Angga.

Wektune pertandingan kurang 15 menit, Ananging tim SMA Institut Indonesia durung bisa nambah biji. Ing babak keloro, kabeh pemain padha kangelan nambah biji amarga permainane imbang, padha apike.


Bale dioper mronomrene. Efan nyoba golek celah kang bisa diliwati. Angga lan timme uga nyoba ngewangi. Nanging, durung nganti tekan ring, bale wis kesaut mungsuhe. Kabeh padha ngupaya ngrebut lan nguasani bal.

Nalika wektune wis mepet, kabeh dadi kemrungsung. Nanging Efan lan Angga bisa nguwasani kahanan. Wong loro mau banjur kerja sama. Angga ngupaya ngrebut bal saka mungsuh. Bal wis pindhah ing tangane Angga banjur digiring nganti tekan ring. Ing cedhak ring mungsuh, Efan wis ngenteni operan bal saka Angga.

Angga bisa nglewati mbaka siji mungsuhe. Tekan ngarep ring, bal mau banjur dioperake Efan. Banjur Efan mlayu lan mumbul arep ngupaya nglobokake bal ing sajroning ring. Sing padha nonton mlongo nalika bal basket wis dioncalake. Bal mau durung gelem mlebu, nanging mubeng ing tengahing ring.

“ Goooo00000000000000......,” bengoke anggota timme Angga bebarengan. Wektu iku uga, wasitndamu sempritane mratandhani menawa pertandingan wisrampung,. Tim basket Angga entuk biji tambahan.