Kaca:Kidung Megatruh.pdf/115

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Anggota tim basket SMA INSTITUT INDONESIA padha soraksorak. Kabeh bungah, amarga menang 21 19. Ora dinyana manawa tim baskete Angga bisa unggul saka SMA SEKAR JAYA sing wis kondhang, kuwate. Tim basket SMA SEKAR JAYA banjur nyalami Angga lan anggotane.

Tekan wektu penyerahan hadiah, Bapak Wali Kota maju maringi piala penghargaan lan sertifikat marang Angga sing dadi ketuwa tim. Kabeh anggotane Angga uga padha dikalungi medali. Ora keri, Angga uga nyalami anggotane sing wis ngupaya kemenangan mau. Ora lali Angga matur nuwun marang pambudidayane Efan.

“Efan, aku ora bisa menehi apaapa. Aku mung bisa matur nuwun marang awakmu sing wis mbiyantu tim. Aku uga mung bisa ndongakake supaya kowe bisa tentrem ing kana lan entuk pangapura saka Gusti Kang Maha Kuwasa,” omonge Angga.

“Aku uga seneng bisa weruh tim kang wis awake dhewe bangun menang ing pertandingan. Angga, welingku siji, kabeh aja padha nyerah anggone ngupaya. Lan aja lali ing tim kuwi kudu saiyek saeka praya,” mangkono welingge Efan marang Angga.

Senen awan, kabeh anggota tim padha mara nyekar ing kuburane Efan. Kabeh ndonga kanthi kusyuk. Sawise ndonga, Angga banjur nyelehake medali lan reroncen kembang ing ndhuwur kuburane Efan,

Kabeh mau kanggo tandha panuwun marang Efan saka Angga lan anggota tim

Emiliana Jeni Kartika, siswa SMA

Institut Indonesia 1, Jalan Miliran 15, Yogyakarta. Telepon (0274) 563535.

Lair4 Januari 1990. Alamatomah, Gondlayu Lor

Jt 1219, Yogyakarta 55233. Telepon085643917648.

Hobi: renang, nyanyi.