Kaca:Kidung Megatruh.pdf/113

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

weruh Efan. Dheweke uga melu latiyan ing lapangan bareng kanca-kanca liyane. Nanging Angga ora ngagas kahanan kuwi. Dheweke mung yakin Efan durung bisa ninggalake tim. Efan isih bakal ngewangi tim.

Bengine, nalika Angga turu, Angga ngimpi ketemu Efan. Dheweke ngguyu karo Angga karo ngrangkul pundake Angga.

“Angga, kowe lan timmu aja nyerah anggone mbudidaya. Aku bakal ngewangi tim. Aku uga ora kepingin tim baskete dhewe kalah ing turnamen,” pesene Efan. “Insya Allah time dhewe bisa menang, Fan,” wangsulane Angga.

Nalika diajak salaman, wujude Efan banjur ilang. Angga tangi karo ngelus dhadha Kanthi ngucap Istigfar. Saiki Angga mudeng, ngapa mung dhewekesing bisa weruh arwahe Efan.

Esuke, bocahbocah isih padha latiyan kaya biyasane. Saya suwe anggota tim maine tambah apik. Amarga turnamen tinggal limang dina maneh, bocahbocah uga kudu njaga kesehatan supaya nalika tanding kabeh bisa melu.

“Umpama Efan isih urip, mesthi aku lan dheweke bisa main bareng kaya biyen. Mujudake impene bebarengan,” omonge Angga sajeroning ati. Pancen jasane Efan gedhe marang sekolah. Dheweke lan tim basket wis bisa njunjung jenenge SMA Institut Indonesia nganti kondang, ing Ngayogyakarta. Mula ora gumun menawa biyen Efan dadi kebanggaaning sekolah. Nalika dadi kapten tim basket, Efan lan anggotane bisa mujudake kekompakan kang apik.

Dina pertandingan wis kawiwitan. Angga lan timme krasa semangat banget. Bapak Wali Kota uga mirsani pertandingan. Kahanane rame kaya pasar malem. Tim baskete Angga tanding karo tim basket SMA Purna Indah lan kasil menangkanthi biji 39 32.

Nalika pertandingan kaping pindho, timme Angga main karo SMA Sekar Jaya, juwara Piala Wali Kota 2006. Sanajan mungsuhe abot, nanging ora gaweciliking ati anggota tim baskete Angga. Kabeh tetep padha semangat.

Ing babak sepisan, tim basket SMA Sekar Jaya luwih unggul bijine 19 17. Nalika Angga pemain liyane padha bingung amarga kalah angka,