Kaca:Kidung Megatruh.pdf/112

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Ngene,aku mau entuk undangan turnamen.”

“Uwis mangkat wae. Terus anggone dhewelatiyan kapan,”

“Wiwit Kemis sore wae piye?”

“Yowis, ora papa,” wangsulane Efan.

“Ngono wae, saperlune aku mung ngabari. Aku mulih dhisik,” pamite Angga. “Ngatiati, Ya. Maturnuwun,” wangsulane Efan.

Kemis sore, tim baskete Angga padha latiyan kanthi temenan supayane bisa menang ing turnamen. Kanggone tim, wektu telung minggu ora suwe dadi kudu matengake teknik-teknik maine. Efan sing dadi kapten kudu nuladani. Anggota liyane kudu sregep latiyan supayane timme bisa nuju ing tingkat Nasional,

“Kancakancaku kabeh, timme dhewe kudu bisa menang ing turnamen sesuk. Amarga turnamen sesuk sing nemtokake awake dhewe bisa klebu tingkat Nasional apa ora,” omonge Angga. “Bener, apa sing diomongake Angga. Upamane menang sekolahane dhewe bisa kondang,” Efan nambahi.

Dina kuwi bocah-bocah padha greget anggone latiyan. Kabeh padha kepingin menang ing turnamen. Sawise latiyan nganti rong minggu, anggota tim siap di tandingake. Nanging ora dinyana, dhilalah wong yen lagi cilaka, Efan sing diandelake ana ing tim nandhang kacilakan. Dheweke numpak sepeda montor tabrakan karo mobil nalika dheweke arep latiyan basket. Luwih ngenes maneh, Efan tiwas ana ing kacilakan mau.

Keprungu kabar sing koyongono, bocahbocah banjur syok. Apa maneh turnamen kari seminggu. Angga lan anggota tim liyane mung bisa delegdeleg. Esuke nalika layatan, kabeh anggota tim basket padha teka. Kabeh sedhih kelangan kapten tim. Bapak Kepala Sekolah uga rawuh ing, sareyan lan maringi pangaji-aji kanggo almarhum Efan amarga dheweke wis majokake tim basket SMA Institut Indonesia nganti tingkat spektakuler.

Dina candake, nalika latiyan, bocahbocah padha ora semangat. Anggota tim ora yakin manawa sesuk bisa menang. Weruh kahanan sing, koyo ngono, Angga nyoba nguwatake atine anggota tim basket. Nanging, amarga greget kang gedhe, tim basket mau bisa latiyan kanthi becik.

Ana kang ngganjel ing atine Angga amarga ana anggotane mesthi punjul siji. Dheweke kerep weruh Efan ana ing njeron barisan. Nanging kabeh anggotane ora bisa weruh. Nalika latiyan saben dinane, Angga mesthi