62
Javanese Literature since Independence
sepuh, kang saka pangiraku klèru enggoné lenggah, awit sanḍingé kursi nomer 13 kosong, lan kursi nomer 14 dilungguhi sawijining kenya rok biru, kang rupané sulistya banget. Mak pyur panonku konang-konang bareng tempuk paḍa nyawangé. Atiku trataban. Kanti ngati-ati lan trapsila aku banjur pitakon karo priyayi putri mau mengkéné:
'Bu, mbokmenawi panjenengan klèntu anggènipun lenggah, awit kursi punika, nomer 12, kursi kula.'
Priyayi putri mau rada kagèt, banjur ngawasaké aku. Kanti mèsem
banjur mangsuli mengkéné:
'O ... inggih leres, nak. Panjenengan boten klèntu. Dados punika kursi panjenengan ta? Yèn ngaten keleresan. Tukar kémawon inggih, nak, awit kula ajrih kaliyan nomering kursi kula punika, nomer 13. Rak kersa ta, nak?' ngendikané karo nudingi nomering kursi, nomer 13. Weruh kaya mengkono aku mèsem. Geli atiku déné ana nomer baé teka diwedèni.
'O ... mekaten ta, bu? Inggih kénging,' wangsulanku karo sajak rikuh, awit weruh sing nglungguhi kursi nomer 14 mau putri, mula aku durung wani lungguh. Mbokmenawa priyayi mau ngerti batinku, tanḍané banjur ngendika manèh:
'Sampun rikah-rikuh, nak. Laré èstri punika anak kula piyambak. Mangga ta, énggal lenggah.'
Krungu wangsulan kang kaya mengkono aku saya gumun banget, awit ora ngira yèn kenya rok biru mau putrané lan teka banjur téga temen, déné putrané mau kok ditégakaké dikon lungguh jèjèr karo aku, wong sing durung naté diweruhi, mung jalaran merga saka wedi karo nomer 13 baé. Apa tumon?
Atiku tambah saya ora kepénak, rikuh, ya ḍeg-ḍegan, awit kenya rok biru mau banjur mbalang liring karo aku. Aḍuh ... èsemé gawé kuwuring panonku, gawé tab-tabaning jiwaku.
'Mangga ta, nak, lenggah. Sampun nggalih pakèwed,' mengkono ngendikané priyayi sepuh mau sepisan manèh bareng weruh aku isih ngadeg.
'Inggih, bu.'
Gelem ara gelem aku kepeksa banjur lungguh ing jèjèré kenya rok biru mau. Dadi enggonku lungguh mau diapit-apit ibu lan putriné. Lungguhku tansah ora bisa jenjem. Atiku tansah gorèh baé, awit jiwaku tansah kagoḍa déning kasulistyané kenya rok biru mau, kang ayuné pancèn tanpa tanḍing. Apa manèh bareng aku ketaman èsemé kenya mau kang diincrit-incrit, aḍuh ... mati awakku. Awakku krasa lemes bules, ḍaḍaku geter terus, karo tumungkul. Ing sajroning aku tumungkul mripatku tansah nglirik, nyawang kenya mau, mula aku banjur ngerti