Menyang kontèn

Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/73

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Kenya Rok Biru

61

'O ... tibané mas Ngub. Sugeng, mas?' wangsulanku karo gumuyu.
'Kuru-kuru, ḍik.'
'Kuru-kuru? Kurugan daging ya?'
'I ya, ḍik. Arep nonton apa piyé?'
'Hè ... èh niyaté, yèn olèh karcis.'
'É, yèn ngono tiba begja kowé, ḍik. Iki lho, aku duwé karcis.'
'Tenan apa piyé, mas? Apa karcisé turah?'
'Yèn turahé ngono ya ora, wong mung siji til iki. Niyatku mau ya arep nonton, ning banjur dadakan ana susulan saka Bantul, aku dikon bali, awit ana perlu penting. Kebeneran banget aku bisa ketemu sliramu, ḍik.'
'O ... ngono ta. Yèn ngono begjaku.'
'Iya, ḍik. Lha sliramu karo sapa?'
'Ijèn baé kok, mas.'
'Rak isih tetep ana Magelang ta, ḍik?'
'Isih, mas.'
'Yèn ngono ayo mampir pisan, wong wis ceḍak ngéné, karo manèh mbakyumu ya wis kangen.'
'Matur nuwun, mas, liya dina baé mengko dak-perlokaké sowan mrana, wong iki mau aku mentas jagong mantèn jé.'
'Sapa sing dadi mantèn, ḍik?'
'Mas Suparta, kanca inspèktur saka Muntilan.'
'O, apa ḍik Parta bocah Kroya kaé sing awaké lemu ginuk-ginuk?'
'Iya bener, mas.'
'O ya sukur. Ya wis ya, ḍik, aku selak kesusu. Galo wis dientèni jip ana dalan kaé. Enya iki karcisé.'
'Trima kasih, mas. Enya iki ijolé ḍuwit karcis.'
'Wis ora susah, ḍik. Mung kaya ngono baé teka arep diganti, tur kaya karo sapa!'
'Ya matur kesuwun banget lho, mas. Selamat berpisah, dan selamat bekerja.'

Mas Ngubaèni mung gumuyu, banjur terus lunga, marani jipé. Bareng aku wis nampani karcis - lan nomering kursi nomer 12 - aku banjur mlebu ing geḍong biyoskup, kang wis kebak. Aku banjur milang-miling, nggolèki pernahing kursiku. Nanging sepira kagètku bareng weruh kursiku mau wis ana sing nglungguhi, lan kiwa-tengené wis kebak priyayi putri tok. Aku rada rikuh lan isin, awit munḍak dikira sing ora-ora. Ananging kepriyé manèh, wong bab iki wis dadi aturané geḍong biyoskup kono: saben penonton olèh nomer kursi, perluné ora rebutan lan kanggo njaga tata-tentrem ing jero geḍong kono. Mulané aku banjur marani dununging kursiku mau, kang wis dilenggahi priyayi putri rada