Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/67

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki wis dikorèksi

Dhedhemitan Mlebu Kutha

55

'Ora susah ditanggulangi, kanca, gaman kita muspra!'

Nanging durung suwé saka celathuné kuwi, ana suwarané pistul, ora ngerti sapa sing ngunèkaké. Tèng, sing isih cedhak panggonan kono, banjur mandheg. Sorot kang jembar lan padhang ungalé dipanjer madhangi saideré kono, tolah-tolèh kaya kéwan anèh kang nggegirisi. Kaanan dadi padhang njingglang kaya raina, lan bedhil pating jledhor campuh ing saindengé kono. Wiranta sabalané padha pating blesar mlayu ngétan sakarepé dhéwé-dhéwé, ora kena ditata lan ora kaber nata.

Wiranta, kangmasé Narna, Sukardiman lan Marija padha pating dhepipis nyilikaké awaké dhéwé-dhéwé ana ing sawenèhing pager urip, ambegané pating krenggos. Kabèh padha mikir pati-uripé dhéwé-dhéwé. Bareng disrantèkaké sadhéla, suwarané bedhil banjur rada mendha. Wong-wong lagi padha kèlingan kanca-kancané.

'Aku ora ngreti sapa sing ngunèkaké pistul mau,' swarané Wiranta bisik-bisik. 'Swarané kok saka mburiné awaké dhéwé.'

Wiradi krungu wong sesenggrukan nangis.

'Menenga, Ja! Iki mengko ora wurung kowé gawé cilakané wong seméné,' suwarané Sukardiman songol, nanging ora sora.

'Kita wis campuh ana daérahé mata-mata mungsuh iki, huh, huh,' wangsulané Marija sesenggrukan. 'Bedhilku kari ana njaban pager.' 'Dhik Narna, pupuku panas aku ora wani ngemèk-emèk,' celathuné Wiranta gugup.

Narna kosot-kosot nyedhaki mitrané. Swarané bedhil-bedhilan ndadra manèh, swarané mesin tèng ngeden mratandhani arep mlaku. Soroté lampu clorat-clorot madhangi daérahé sing padha ndhelik. Kucing asu sing kasorot padha pating blolong, matané melong-melong.

'Sing sisih endi sing panas, mas?' pitakoné Narna kang wis mengkureb ana sandhingé mrtrané.

Wiranta ora mangsuli apa-apa, mung nuduhaké tangané kang mentas ngemèk-emèk pupuné marang mitrané. Gluprut getih! Tinulung déning pentulané sorot, Narna weruh yèn mitrané pringisan nyakot lambéné ngisor. Kejaba miris weruh tangané dhéwé kang gluprut getih, Wiranta mesti mèh ora kuwat ngempet panasé pupuné.

'Kowé ketaton, mas,' celatuné Narna.

Wiranta mung mantuk-mantuk.

'Kira-kira kuwat ora mlaku dhéwé?'

Wiranta gèdhèg-gèdhèg ngempet perih.

Tèng budhalan mengalor parané. Sawisé tèng liwat, bedhil-bedhilan mendha manèh. Wong-wong rumangsa bisa longgar, crita klesak-klesik rada wani. Kanca-kanca padha ngrubung sing ketaton, nanging ya ora