Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/47

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki wis dikorèksi

Dukun Ing Karangdlima

35

Kyai Amad: 'Tak-dongèngi, mung cekakané baé. Lo, kuwi wédang apa, Truna?' Truna: 'Wédang bubuk, ka1iyan ketan.' Kyai Amad: 'Kowé kuwi bisa nuju, kaya pasemon kaé: wédang bubuk sakriyuk, nggo tamba ngantuk. Kejaba aku dhéwé ngantuk, iki Mas Jana iya ngantuk. Anu, Mas Jana, aku kepatuh kaya dhèk isih enom, dhemen sembranan. Kono wédangé ombénen, mupung isih panas, kumepyar. Truna, jupukna slepènku, kaé, ana ing bangku buri.' Kyai Amad sasampunipun nampèni slepèn, lajeng mendhet srutu satunggal, dipunsukakaken Sujana tuwin wicanten: 'Ududen. Généya teka koiling-ilingi ?' Sujana: 'Punika srutu Sigago.' Kyai: 'Ayah, kowé kuwi anggarap wong-tuwa. Kowé kuwi rak teges pitakon: sapa kang awèh? Berkahing priyayi akèh, tholé. Aku tak mbacutaké kandhaku bab lakon Wahyu Cakraningrat. Kuwi cekakané mangkéné. Wahyu Cakraningrat iku wahyuning kamulyan, wahyuning kanugrahan, iya cekakané ratu-ratuning wahyu. Pancèn wahyu iku kang tansah dadi pangajapaning manungsa, nanging wahyu mau tumibané mung ana wadhah kang becik temenan, kareping becik iku: suci. Dadi kang ketiban, iku iya wong kang suci temenan. Mung tumraping panjangka, samubarang panjangka apa baé sok dilèrègaké, yèn kasembadané mau saka ketiban ing wahyu Cakraningrat. Nanging iya wis kena, awit sawarnaning panjangka iku iya wis nganggo lelambaran kabecikan, lan tékad kang mantep temenan. Mulané tumibaning wahyu menyang Radèn Angkawijaya, tegesé Radèn Angkawijaya kang wewadhahé menang becik, tinimbang kang duwé karep liya-liyané. Yèn ngélingi lelakon kang kaya mangkono mau, anggoné Surasentika milih lakon mau, mesthi ana karepé. lng kana ana lelakon apa ta?'

 Sujana: 'Kados boten wonten lelampahan punapa-punapa.'
 Kyai Amad: 'Aku krungu jaré lurah désa ing Kuwaron munggah 

kaji?'

 Sujana: 'lnggih, malah wartosipun ngajal wonten ing purug.'
 Kyai Amad: 'lnnalillahi. 0, yèn mangkono dadi lurah désa ing 

Kuwaron saiki lowong. Gèk sapa, ya, sing dadi?'

 Sujana: 'Dèrèng wonten, embah. Anu, embah, sayektosipun anggèn kula sowan mriki badhé nyuwun pangèstu, kula sageda kadhawahan wahyu lurah dhusun.'
 Kyai Amad: 'Aku iki sok gumun menyang kekarepaning para nonoman, wong prakara ngono kok digolèkaké sarat, kuwi rak dudu anggoné. Lha, wong yèn bisa nyarati kang kaya ngono, tenèh ora ana tatanan kang bener. Anu, tholé, dadi saiki aku ngerti, mesthiné anggoné Surasentika