Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

34

Javanese Literature since Independence

Wis kana, Truna, menyanga buri.”

Sayektosipun Kyai Amadrawi piyambak inggih ragi gumun, teka tiyang kathah sami gadhah kapitadosan dhateng piyambakipun, kerep wonten tiyang nedha pitulung kapurih anjampèni tiyang sakit, Manawi wonten tiyang gadhah panedha makaten wau, rékadayanipun boten wonten sanès namung kapurih jejampi miturut punapa pangalamanipun Kyai, dilalah teka inggih kathah ingkang jodho. Manawi bab tiyang kepetengan manah, inggih namung dipunpituturi ingkang sakinten saged anocogi dhateng raosipun ingkang nedha pitulung. Sadaya wau kebekta saking ber- kahipun tiyang sepuh, saged adhedasar kajembaran.

Kyai Amad nalika saweg linggih piyambakan wau sumerep kalédhang ing tamu, lajeng nyapa: Iki apa Mas Jana, ya?”

Sujana: “Inggih, embah.”

Kyai Amad: “Mruput temen, lé. Angkatmu mau rak isih peteng?”

Sujana: “Inggih, embah, Ngaad-Ngaad, ngiras mlampah-mlampah. Pancènipun inggih badhé bidal siyang-siyangan, nanging sarèhning sa- rengan kala wau dalu jagong dhateng Kuwaron, badhé wangsul mantuk kenyengklèngan, mila lajengan sowan mriki pisan, tiyang niyat kula badhé sowan mriki.”

Kyai Amad: “Kowé kuwi samar yèn anggonmu mréné tak-anggep ala nganggur, ta. Ora dadi ngapa, Jana. Wong iku kang dadi rak niyaté, Wis kéné, linggih cedhakan baé. Pada slamet? Sapa Kuwaron kang duwé gawé?”

Sujana: “Wilujeng, embah, Ingkang gadhah damel Surasentika.”

Kyai Amad: “Surasentika sing sugih kaé. Duwé gawé apa?”

Sujana: “Bresih dusun. Ageng-agengan, embah.”

Kyai Amad: “Wong bresih désa yèn ora gedhèn!”

Sujana: “Anggèn kula mastani ageng-agengan punika tiyang bresih- ipun dusun boten mawi urunanipun tiyang kathah, dipunkuwawèni pi- yambak.”

Kyai Amad: “Elo, kadingarèn teka kemloprah temen. Mangka Sura- sentika iku, wis misuwur nyuthiki kacang ijo. Apa dhayohé ya akèh?”

Sujana: “Wah sampun, tumplak blak, tetiyang dhusun Kuwaron dalah kanan-kéringipun, dhateng sadaya."

Kyai Amad: 'O, he-eh, he-eh, Tontonané apa, le?"

Sujana; “Ringgit wacucal, lampahanipun Wahyu Cakraningrat.”

Kyai Amad: “Wah, kok pinter anggoné milih lakon. Mesthiné tumrap sedulur désa, milih lakon iku iya mawa karep. Apa kowé ngerti kareping Wahyu Cakraningrat?”

Sujana: Dèrèng, embah,”