Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/44

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki wis dikorèksi

1

DHUKUN ING KARANGDLIMA

Wonten dhusun mregil, kepétang tebih saking kita, nanging kerep dipundhatengi ing priyantun-priyantun kita tuwin tetiyang padhusunan kanan-kéringipun ngriku. Dhusun ingkang mregil wau karan dhusun Karangdlima, kebekta pamedalipun dlima saking ngriku punika kathah, misuwur ageng tuwin écanipun, Déné dhusun wau kepétang dhusun badran énggal, yasanipun Kyai Amadrawi, tiyang sepuh ingkang mungkul dhateng agami, Anggènipun bebadra wonten ngriku punika kepétang saweg gangsal-welasan taun. Ing salebeting gangsal-welas taun wau sampun saged wujud dhusun ingkang ketel tetanemanipun, déné énggalipun dhusun wau ketitik anggèning dusun ngriku dèrèng anggadhahi wewayangan dhu- sun, inggih punika wit-witan ageng ingkang saged ketingal saking kate- bihan.

Amadrawi punika kepétang tiyang ingkang wekel ing damel, saged matrapaken anggèning abalé-griya. Griyanipun cèkli, ing ngajengan wonten langgaripun, balumbangipun ageng, kejogan utawi ambucal toya, dados balumbang toya gesang. Tetanemanipun ing pakarangan sanès tetaneman ingkang dados baku asilipun, sadaya namung ingkang pinang- gih sakéca wonten ing sawangan, bangsaning sesekaran, ngantos awujud patamanan. Ing langgar wonten bedhugipun, ing kalanipun wanci subuh, manawi dipuntabuh, swantenipun andharendeng kemirengan ing saepal mubeng, kados sabawaning tiyang ajak-ajak mangastuti ing Gusti. Gri- yanipun, sanadyan alit, pinanggih nyekapi kabetahan, resik gumrining dumugi ing lataripun. Kawontenanipun sadaya wau saged nenarik dha- teng sengsemipun para tamu.

Ing sakawit Amadrawi punika salugu tiyang neneka, sareng bebadra wonten ing ngriku lajeng dipuntresnani ing tiyang, jalaran saking remen tetulung manawi wonten tiyang suker-sakit, ambiyantu nyetiyaraken jampi, manawi wonten tiyang kesripahan ambiyantu damel. Dangu- dangu Amadrawi dados paran-jujugan saha tetep dipunwastani dhukun.

Amadrawi punika sampun ngumur 75 taun, tiyang kathah sami nyebut 'Kyai'. Gesangipun tanpa kanthi, namung dipunladosi ing réncang jaler kaliyan bojonipun, nama Trunangali. Saupami jaman rumiyin, mèmper saupami dipunwastanana 'Pandhita'. Kyai Amadrawi punika, sanadyan