Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/45

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki wis dikorèksi

Dhukun Ing Karangdlima

33

nyatanipun tiyang dhusun, ugi kathah ingkang ngajèni, kebekta saking tiyang sepuh tuwin ginemipun lugu, saha ngrumaosi anggènipun dados tiyang bodho.

Tetiyang ingkang sumerep, amastani: Kyai Amadrawi punika tiyang ingkang begja gesangipun, manahipun maligi, boten kegodha ing kamur- kan, nedha sawontenipun sampun rinaos sakelangkung éca tuwin mun- pangati, nyandhang-nganggé punapa kémawon sampun dados pamarem, swanten ing wanci sepen adamel sengseming manah, Samanten bédaning raosipun tiyang ingkang saged ngraosaken dhateng kamirahaning Pangé- ran, béda sanget kaliyan kajenging kamurkan, niyatipun namung badhé tanpa pamarem, saben kasembadan punapa ingkang dipunsedyakaken, malah andadra mungkaripun.

Kyai Amadrawi tanpa kendhat kedhatengan tamu saking pundi-pundi, sami gadah perlu warni-warni, wosipun sami pados pitutur ingkang damel mareming manah, Tamu ingkang sami dateng dalu, ngantos byar saweg sami wangsul. Tumrap ingkang boten mangertos, anggadahi welas dhateng Kyai Amadrawi, déné tiyang teka tanpa ngaso babar-pisan. Na- nging tumrap Kyai Amadrawi piyambak, tamu ingkang tanpa kendat wau malah andadosaken kasenenganipun, rumaos manawi anggèning kedhatengan tamu wau malah dados kanca bingah-bingah.

Nuju ing dinten Ngahad, wanci jam nem énjing, Kyai Amadrawi ling- gih piyambakan wonten ing ngèmpèr ngajeng. Rainipun resik, ketingal tandaning mentas sembahyang subuh. Kyai Amadrawi ngundang rén- cangipun: “Truna, rénéa!” Sareng Truna dateng Kyai Amadrawi ngla- jengaken wicanten: 'Ngomah mau yèn wis koresiki, gelarana klasa manèh. Iki dina Ngaad, sok ana dayoh.'

Truna: “Boten sok mawon, Kyai, ngriki punika jeg-jegan tamu tanpa kendhat, tengah dalu inggih sok wonten ingkang dhateng.

Kyai Amad: “Wis ta, aja sok ngrupakaké pikiran. Wong sugih dayoh iku nandhakaké yèn ditresnani ing sanak-sedulur. Kowé malah wajib ngucap sukur.”

Truna: “Kula ngaten abdi, Kyai, nyambut damel rinten-dalu namung seneng, Ingkang murugaken kula ragi anggruneng, punika rak saking anggèn kula murinani panjenengan. Panjenengan punika rak sampun yuswa, saksat boten naté ngaso.”

Kyai Amad: “Aja sok duwé pikiran mangkono, ora becik. Kasamaran iku bisa ngringkihaké kabatinan. Wong kang ringkih batiné, gampang ketaman sabab bebayaning awak. Upama kowé kuwi ngreti, Truna, mes- thiné malah bungah yèn kowé weruh aku kerep kedhayohan, déné aku duwé réwang lelinggihan. Saupama aku ora duwé dayoh, shapa réwangku.