Kaca:Isih Ana Kaelokan.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

 "Kersamu?"

 "Yen kita nyuwun kanthi temen, lan panyuwun mau apik tumrap Gusti, mesthi bakal kaleksanan." Panyawange marang aku tembus ing ati, kaya2 ngelingake lelakon taun² kepungkur nalika aku ora tau ngandel bab panguwasane donga. Aku mbenakake lungguhku kanggo ngipatake rasa getunku.

 "Bab bapak ibu, mas Hut apa hiya yakin yen bisa kelakon?"

 "Kena apa ora? Kanggoku, Gusti Yesus kuwi Gusti kang sugeng, kang kuwasa. Yen biyen Panjenengane bisa damel sawernane kaelokan, semono uga saiki, Panjenengane isih kuwasa damel kaelokan2 kang muskil2, kang ora bisa diguda dening manungsa."

 "Apa ana tandha bukti yen bapak ibu bisa kagered bebarengan sowan marang Gusti?" Aku isih mamang.

 "Lha kuwi sing lucu. Mas Agung ndherek Gusti ora wani matur. Dhik Nil ndherek Gusti ora wani kirim serat. Kamongka bapak ibu wis dibaptis ing wulan Desember wingi . . ."

 "Tenan mas Hut?" aku meh mbengok.

 "Tenan. Malah bapak ibu arep nyimpen wewadi mau nganti kabeh putra padha nglumpuk. mBak Dwi wis setahun sing kepungkur," mas Hut katon lega banget nyritakake kadadeyan mau. Atiku rumangsa kebak dadakan, mbludage metu saka mripatku. Aku nangis kebak kabegjan.

 "Nanging aku krungu saka budhe, jare dhik Nil ora gelem bali lan wis ora duwe niyat omah2, kuwi apa bener?"

 Hm, yen ngono kabeh sapari polahku kang ora tau pegat saka pengawasane ibu Asrama kuwi jebul ana buntute. Aku mesem cemplang. Biyen mula aku tau ngalirake gagasan kaya ngono nalikane wis entek pangarep2 ku. Nanging kanthi


- 23 -