Kaca:Isih Ana Kaelokan.pdf/22

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
VI

 "Sore kuwi aku ngampiri nonton dhik Nil, mung ketemu bapak ibu lagi padha muwun," ngono mas Hut olehe miwiti ndongeng. "Putrane wuragil sing kenes kae, lunga saka ngomah tanpa pamit." Sikile dak jejak lirih, nanging aku seneng dielokake kenes mau.

 "Aku nganti kaya wong edan dadakan, meh bae tesisku ora bisa rampung," setengahe mas Hut arep nyalahake aku. "Katujune kanca² ku sakgreja ora kendhat nglelipur lan gedhekake atiku. Malah ya saka pangrojoging kanca² mau aku tambah kerep sowan bapak ibu, ing sakawit kanggo nglipur kang padha sungkawa, lan maneh uga kanggo nambani atiku dhewe. Wektu samana aku durung ngerti yen lungane dhik Nil kuwi wis diatur luwih dhisik." Mas Hut mandeng aku, aku mesem klicutan. "Coba hara, apa perlune mlayu² kuwi, aku tak krungu?"

 "Wis ta, saiki mas Hut dhisik crita, mengko aku meneh."

 "Suwening suwe, mbuh pancen kabeh iki wis dadi pepesthen, apa pancen kaelokaning Pangeran kang Maha Kuwasa, penggalihe bapak ibu tumrap aku seje. Katresnane saya katon. Yen aku ora sowan rong sore bae, wis diweling2 ake mbak Dwi." Aku manthuk2 bungah.

 "Nalika aku tampa serate budhe kang mratelakake yen dhik Nil wis dibaptis, aku sakanca padha nganakake pasamuwan cilik, matur nuwun marang Gusti. Ya wiwit wektu kuwi banjur dianakake pasamuwan donga, nyuwun supaya bapak ibu uga saged kapilih dening Gusti."

 "Ning mokal mas Hut, wong penggalihe bapak ibu kaya ngana kae pengkuhe, luwih² ing bab kapitayan."

 "Ya kuwi. Mokal kanggone menungsa, ora mokal kagem

Gusti."

- 22 -