Kaca:Isih Ana Kaelokan.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

pitakonan mau aku oleh dhadhakan njajagi katresnane mas Hut marang aku.

 "Bener mas Hut," wangsulanku lirih.

 "Sebabe?"

 "Aku biyen tau nresnani sawijining pemudha," satleraman dheweke mesem, "nanging ora tanggung jawab. Dheweke ngucir mlayu nalika aku tekan dalan kang buntu. Sawise aku lunga uga ora tau ana layang saksuwek tembung sakecap kang martakake kahananku."

 "O kuwi ta sebabe, kamongka pemudha mau wis didhawuhi dening calon maratuwane, aja pati kirim² layang yen durung tekan titi mangsane," mas Hut melu2 nganggo ukara pemudha.

 "Apa ora bisa kanthi dhed hemitan?" aku nutuh.

 "Jeneng mantu sing slingkuh yen ngono," wangsulane mas Hut, kang banjur dibacutake: "Mula kuwi, saiki, bapak ibu ngendika, yen titi wanci mau wis tekan. Dhik Nil slamet sajrone ana pendadaran, semono uga aku. Mula kuwi panyuwunku supaya gagasan kaya ing dhuwur mau disuwak. Dhik Nil bareng kondur karo aku, lan nerusake apa kang dadi gegayuhan kita sakawit.

 "Hm, aku wis kebacut gela kok mas; aku luwih seneng urip dhewe kaya ngene iki," wangsulanku.


 Angine saya adhem. Aku jenggelak tangi, nutup jendhela kamar. Ing antarane mega² kang mlaku alon² aku weruh wewayangane mas Hut. Aku mesem. Saiki mesthine dheweke lagi turon glibegan ngenteni wangsulanku kang pasthi. Aku dhewe wis yakin yen aku bakal ngetutake dheweke. Bengi iki aku wis wiwit arep nata sandhanganku. Ora kendhat aku mbatin: Gusti pancen kuwasa. Tansah ana kaelokan kang dumadi. Kanthi swara lirih aku matur: Gusti, kula badhe dados Magdalena ingkang pasrah jiwa raga kanthi tulus dumateng sedaya sabda pangandika Panjenengan ingkang

kawula tampi alelantaran Alkitab.

- 24-