Kaca:Isih Ana Kaelokan.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

 Aku kecipuhan: "Kene asrama putri ki mas?" Mas Hut ngguyu: "Coba nyuwuna idin ibu Asrama, mengko rak diparengake."

 Aku mesthi bae ora wani, luwih becik yen mas Hut nginep ana panggonane mas Agung, lan aku bisa tilpun saka kene supaya dipapag. Nanging durung nganti tak kandhakake gagasanku mau, ibu Asrama rawuh nyedhaki aku sarta ngendika: "Ditepungake bae ya Magda, iki keponakanku, jenenge Edwin Hutabarat. Bapakne Edwin kuwi kangmasku sing nomer loro." Ibu Asrama gumujeng karenan mriksani aku ndomblong kamitenggengen. Mas Hut mesam-mesem nggregetake.

 "Layak," mung kuwi kang kawetu saka lambeku. Sedhela meneh aku pamit bali menyang kamarku, sawise janji arep ketemu maneh ngrungokake dongenge mas Hut

sing dawa, sawise padha dhahar bengi.

- 21 -