Kaca:Isih Ana Kaelokan.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

enggo kuliah tak saut terus dak enggo ngono bae.

 Lawang kamar tamu gumerit menga. Dheweke noleh: "Mas Hut," bengokku, kang sakedhepan maneh aku wis ana ing rangkulane.

 "Wis ah lenggah kene sing apik aja muwun, ketemu kok malah nangis ki priye," kandhane karo nuntun aku lungguh ana ing kursi sangarepe. Aku ibut ngulapi eluhku. Clanane wool ireng, semono uga sepatune sing disem ir nggilap nganti katon wayangane ana ing tegel.

 "Aku ora dibagekake ta?" dheweke miwiti mbanyol.

 "Kok mas Hut pirsa yen aku ana kene?" pitakonku sawise atiku rada sareh.

 "Wong mata²ku se-pirang2 kok ana Surabaya kene; mbok sliramu mabur tekan ngendi bae ta mengko aku rak ngerti. Ning sing perlu tak ngerteni, priye kabarmu sasuwene ana kene."

 Aku ndengengek. Panduluku tempuk karo panyawange. Aku sing kalah. Mas Hut tambah gantheng. Rambutku dak silakake. Wangsulanku sumeh: "Ya ngene iki ta mas, tambah lemu."

 "Tandha makmur."

 "Utawa beri2." Aku wong loro padha ngguyu.

 Sedhela bae swasana kang kaku mau wis ilang. Dongeng- ku ngethupyuk ora entek. Lelakon2 sajrone telung taun kesuntek ing wektu sawetara jam; pating plencat ora karuwan, saupama ditulis didadekake buku, bakal ditampik mentah²an karo redakture. Sasuwene kuwi mas Hut mung urun ngguyu yen critaku lucu, manthuk2 yen sajak mesakake utawa seruju ing atine. Suwe2 aku krasa ngelak, tak samun nganggo tembung: "Ning diunjuk dhisik ta ese, yen wis genti mas Hut sing ndongeng kepriye mula bukane tekan kene iki."

 "Lha aku ora ditawani ngaso barang dhisik ta?"

pitakone.

- 20 -