Kaca:Isih Ana Kaelokan.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

 Asrama kang dak pondhoki iki pancen beda banget swasanane, Siji lan sijine katon rukun. Ya ana kene iki mbaka sethithik aku krungu wulangan2 ne Gusti Yesus, lan kepriye para pandhereke kuwi padha-ngetrapake. Kanthi ora tak rasa atiku saya ketarik. Saben2 krungu wulangan2 mau aku kelingan mas Hut. Hm, ora aneh, mulane dheweke andhap asor, ngajeni liyan, ngasihi lan ngurmati wong tuwaku senajan tangkepe wong tuwaku marang dheweke ora becik. Sewu ora ngira yen-aku nampa kaelokan, bisa dadi pandhereke uga, kang disekseni dening wong akeh kanthi jeneng Magdalena.

 Aku milih jeneng mau ora kok amarga aku wong sedheng, nanging aku nggumuni gedhene katresnane Gusti Yesus marang Magdalena. Lan aku, kang wektu iku rumangsa luwih becik tinimbang Magdalena, mesthi bakal oleh ganjaran luwih gedhe uga. Apese, Gusti bakal nemokake aku lan mas Hut.

 Saiki aku bisa ngguyu kelingan pangrumangsaku mau. Carane wong mlaku, aku iki isih bayi kang durung bisa jumangkah. mBrangkang bae isih bola-bali krungkep. Bab kuwi katandha saka angkuhku, angkuh ora gelem aweh kabar marang mas-Hut; angkuh amarga ora bisa nresnani bapak ibu sawise atiku kecuwan; angkuh amarga ora gelem ngakoni yen ing sajrone batinku tansah ngarep2 supaya bisa ketemu maneh karo mas Hut. Magdalena mertobat lan banjur ndherek Gusti, aku mertobat lan banjur ngaturi Gusti supaya nuruti

kekarepanku.

- 18 -