Kaca:Isih Ana Kaelokan.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
IV

 Kabeh mau mung pucuking lelakon. Mas Hut ora bisa ngudhari karuwetanku. Malah dheweke njola nalika dak jak minggat bareng. Mas Hut kesucinen. Wedine marang Pangeran kang jejuluk Yesus kuwi kebangeten. Kaya2 dheweke ora duwe tetembungan liya kejabane sabar, ndedonga, lan sumarah. mBak Dwi enggal ngadhepi ujiyan2 sekolah, mas Agung repot gaweyane lan adoh dununge; dene bapak ibu ora mantep yen putra mantune dudu priyayi Yogya apa Solo. Ya wis. Ora ana sing perlu dak gondheli. Kanthi samudana nginggati mas Hut aku diparengake nusul mas Agung menyang Surabaya. Budhalku sesidheman, kabeh keluwarga- ku arep nyimpen wewadi bab lungaku iki. Aku ora preduli kepriye polahe mas Hut, nanging layang sak suwek bae ora ana kang dak tinggalake kanggo dheweke.

 Mas Agung saguh nyimpen wewadiku. Nanging aku ora manggon saomah karo dheweke, aku dititipake ana ing Asrama Putri Kristen. Malah ya saka pambudi dayane ibu Asrama mau, aku bisa mulang ana ing SMP Kristen kanggo samben kuliah.

 Babarpisan aku ora duwe krenteg dadi wong Kristen. Aku ngajeni amargo mas Hut. Malah gumune atiku, jebule mas Agung saiki uga wis dadi pandhereke Yesus, mbuh amarga gosokane kanca² ne embuh awit saka Direkture kang ora tau absen saka greja kuwi. "Aja matur ibu nek aku wis dadi wong Kristen," ngono welinge. Aku mung ngguyu geli; kok putra pembarep kang di-agul2 ake ibu wani ngajak

jethungan wong tuwane.

- 17 -