Kaca:Isih Ana Kaelokan.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

  Ibu jumeneng nyedhaki lawang: “Eling ya ndhuk,” ngendikane seret kebak panelangsa. "Wong jejodhowan kuwibisa pisah. Katresnaning bojo bisa luntur. Kang langgeng iku mung katresnaning biyung. Amarga tresnaku marang kowe, dak bukak wewadi iki. Coba sepisan maneh pikiren: Kowe omah² oleh wong manca, seje agama, seje adat, seje basa, beda sakabehane. Apa kene kurang bocah lanang sing bagus² lan pinter² ta? Lha mbok kok pilih salah siji kanca²ne mas Agung kae, apa Samaji, apa Guritno, apa Suseno? Oh Tri, Tri, kok kaya Yogya wis kentekan jago.” Bubar ngendika kaya ngono mau ibu terus muwun. Embuh marga duka, getun utawa sungkawa. Gorokanku dhewe wis asat. Mripatku wis pedhes kanggo dalaning eluh.

- 16 -