Kaca:Isih Ana Kaelokan.pdf/15

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

 "Pancen kanggone wong kana ora nganggo weton2 an kok bu," aku nyoba mbelani mas Hut.

 "Lha apa maneh ora nganggo weton2 an. Saya angel ndhuk. Kuwi bae lagi bebaya sepisanan kang kudu kok pikir. Kejabane kuwi kowe kudu eling sapa calon. maratuwamu. Tetembungan ora padha, kesenengan tan pakareman beda; oooo kowe diajak mrana, ora bisa anggonmu ngladeni maratuwa, kowe sida dipegat ndalan mengko."

 Aku sok mangkel banget yen ibu wis ngendika kasar2 kaya ngono mau. Bener mas Hut, yen saka tetembungan kang arum manis, alus lumer, bisa nyemburake wisa. Mripatku wis wiwit kedhap-kedhep ngempet jeboling bendungan eluh. Aturku seret: "Wong mas Hut ki agamane Kristen kok bu, dadi omah² kuwi mung sepisan ora kena pegatan."

 "Lha tansaya maneh," ngendikane ibu kaya oleh angin anyar. "Tambah cilaka kowe. Ya yen jodho, tha yen ora? Dadi sajegge urip kudu ngladeni kakung sing ora dicocoki?" Aku ndengengek arep atur wangsulan, nanging ibu wis nyambung: "Kowe ngarani nak Hut apik kuwi rak saiki, amarga kowe lagi gandrung. Apa wong kuwi ora owah gingsir? O ndhuk, ndhuk. Kowe kuwi isih durung ilang pupuk lempuyangmu, durung pengalaman. Wong lanang kuwi pinter ndhuk. Yen ngarah bocah wadon, yen durung kecekel, ora kaya wong lanang tlatene, ning mengko nek wis jeleh, ya ora kaya wong lanang mbuwange."

 Aku mrebes mili, serik krungu tetembungan kang kasar tumuju marang kekasihku, woding atiku. Aku dhewe wis yakin yen mas Hut ora padha karo wong2 lanang liya. Dheweke ora tau tumindak kang luwih saka pagering kasusilan. Hm, saupama wingi2 aku sinau sethithik bae bab agamane mas Hut; aku rada bisa mbentengi panemuku. Saiki

aku kepeksa mung meneng.

-15-