Kaca:Isih Ana Kaelokan.pdf/14

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ngremehake nak Hut kuwi babarpisan ora. Mung bae wong jejodhowan kuwi ora bisa gumampang mung dhedhasar seneng lan pantes. Coba ta, kowe bae durung tau kepethuk wong tuwane kana; durung ngerti apa ganep apa ganjil, njur panguripane apa......."

 "Bapakne kagungan perusahaan kopra bu, lan ya kagung- an kebon klapa barang," wangsulanku manut apa kang wis dicritakake mas Hut marang aku.

 "Lha kuwi rak bandhane wong tuwane, kamongka bandha warisan kuwi ora mesthi ngrejekeni," pandhesekke.

 "Taun ngarep mas Hut lulus dadi Insinyur."

 "Apa kuwi wis ateges uripmu bakal seneng lan tentrem?"

 Rembugan karo ibu sing pinter ngenyel pancen angel. Aku dhewe dadi ora mudheng apa sing dikarsakake kanthi pandangune sing mubeng munyer mau.

 "Kersane ibu priye ta?" Dondoman dak selehake, lungguhku rada minger sethithik supaya luwih pramana anggonku ngrungokake pangandikane ibu.

 "Ngene lho ndhuk, jejodhowan kuwi ora gampang. Kudu dipikir, ditimbang lan dietung." Rumangsaku wis ana rong taun anggonku nimbang lan mikir keputusan kuwi. Aku ora ndungkap kersane ibu ing bab petung mau.

 "Hara jajal, gek nak Hut kuwi lahire dina apa, lan wetone apa? Apa ya kabeh mau cocok karo dina lan wetonmu?"

 "Ooo kuwi ta sing dikersakake kudu dietung mau," batinku. Aku isih meneng bae. Mripatku kelap kelop nyawang tembok samburine ibu.

 "Lha mbok ya diurugana bandha sagedhong, yen weton- mu sakarone ora gathuk, ya bubar, ambyar." Aku kelingan kandhane mas Hut, jare kanggone wong Kristen, kabeh dina

kuwi becik.

- 14 -