Saupama mas Hut ora ngendheg endhegi wadulku
nganggo khtobah2 e, mesthi aku bisa crita kedadeyan se-
minggu sadurunge. Nalika kuwi aku lagi ngrampungake
dondoman. Rok biru enom kang arep dak enggo nonton suk
malem Minggu karo mas Hut. Warna biru kasenengane.
Nganti pirang2 rokku biru, ana sing strip² putih, trutul2 ireng
lan liya² ne. Lucu ya katresnan kuwi. Ora ngira yen aku, putra
wuragil bapak Partokusumo kang diugung ana ngomah,
kasembadan kabeh sapanyuwune, asrah bongkokan marang
sawijining pemudha "njaban rangkah," kaya tetembungan
kang kerep diagem ibu.
"Wis nggawe rok anyar meneh ta ndhuk," pandangune
ibu kang banjur lenggah ana sandhingku. Aku mung ngguyu.
Ibu ora tau duka pirsa kasenenganku dondom, malah kepara
jinurung.
"mBak Dwi durung bali ta?" pandangune, mbasakake
mbakyuku tumuli; Dwi Prapti.
"Durung bu, jarene mau terus arep nyang Ngasem
mbalekake buku."
"Masmu Agung kok ya suwe ora tau kirim layang." Mas
Agung iku putrane ibu kang pembarep. Aku rada mikir²
ngrungokake pangandikane ibu kang ora mapan enere kuwi.
Pambatangku ora mlesed.
"Dadi kowe ki sida mantep tenan ta?" pandangune.
"Bab apa bu?" aku ethok² ora ngerti.
"Sapa maneh?"
"Ooo mas Hut ta?" aku nyandhak kersane. Tambur
perang wis siyaga diunekake, lan gumantung marang aku
nglawan apa teluk.
"Mas Hut kuwi nyenengake bu, dak gagas dheweke
pantes dadi pangayomanku."
"Gagasen ta ndhuk," ngendikane ibu. "Ibu kok arep