semboja gedhe pepasrene Gembira Loka. Sirahku dak
sendhekake ing lengene kang sentosa kuwi tanpa mikirake
kepriye panemune wong2 kang padha pating sliwer liwat ing
sak mburiku.
"Bab ibu?" pitakone. Gogrogan godhong semboja kang
dicekel, dikebut2 ake kanggo ngilangake sumuke.
"Hiya mas. Ibu tambah sereng ki yen ngendika,"
wadulku ngati².
"Lha bapak kepriye?"
"Saiki bapak isih kendel bae, nanging dak kira, samongsa
ngendika ya mesthi melu barisane ibu. Sing uwis2 bapak ki
kalah kok yen dhebatan karo ibu."
"Hm, mulane putrane ya pinter dhebat, dadi tiru keng
ibune ta," panggodhane.
"Iki ora guyon lho mas, aku lagi judheg tenan."
Sirahku tak angkat lan banjur mapan lungguh ngadhepake
dheweke.
"Ya awake dhewe sing kudu sabar ta Nil. Yen gegayuhan
kita mantep, Pangeran mesthi ngijabahi," panglipure mas Hut
kang ora tau keri nyangking asmaning Pangeran ing satengah-
ing ukara.
"Ning mas Hut apa kena dak antepi?" panyawangku
kedhep tesmak.
"Karepmu?"
"Saupama ana apa², apa mas Hut kersa nampa pasu
witanku?"
"Ana apa² kuwi upamane apa? Aku kok ora ngerti ta
Nil?"
Aku gemes banget. Kudune dheweke ngerti lan mangsuli
"ya." Mokal ta saupama ora ngerti kuwi. Lambeku njaprut
besengut. Mas Hut tanggap marang kagoling atiku. Tanganku
dicekel, digegem, karo kandha: "Nil, katresnanku nyang