Kapan wiwite wiji katresnan kuwi thukul ana ing atiku,
aku dhewe ora ngerti; krasa² wis ana wit kang ngrembuyung
ngebaki ati; oyote wis kuwat tumanjem ana ing uripku. Ibu
dhewe mestani yen aku kapilut ing asmara amarga saka
kulina. Ah apa ya bener ta ya?
"Ya ora ana ta wong Sumatra kok diundang mas Hut,
kudune kak Edwin," kandhane nalika aku sepisanan ngundang
dheweke mas Hut.
"Aku arep gawe modhel anyar kok," wangsulanku
aleman. Mas Hut ngguyu kepranan. Dheweke ora ngerti yen
anggonku nyekak jenenge kaya ngono mau kanggo rada
"njawakake," amarga wong tuwaku senenge marang wong
Jawa kuwi ke-pati2. Kamongka, sawise runtang-runtung rong
taun karo Mas Hut, aku ngerteni bebudene kang utama.
Ya bener omongane tandhes kladuk banter; nanging atine
kencana. Mas Hut kerep nerangake yen bantere swara, cepete
tetembungan kang kewetu ora kena kanggo ukuran bebudene
wong mau. Akeh bae wong Yogya Sala kang omongane alus
lumer, nanging isine kebak wisa. Ing batin aku setuju, senajan
aku ora wani ngaturake bab mau ing ngarsane bapak ibu.
Wong tuwaku sakarone dudu kaum kolot, nanging ing bab
milih mantu; durung saged nilar petungan2 kang wingi2
dianut para sepuh kang wis padha seda. Nalika ibu pirsa
sesambunganku karo mas Hut tansaya rapet, panjenengane
wis ngedegake umbul2 tandha perang. Lan wis kadadeyan
campuh perang cilik2an; embuh amarga aku arep nonton
bareng, mulihku saka sinau kewengen, olehku nyandhang
rada beda lan sapanunggalane. Kabeh wewayangan kang
metengi kabungahanku kuwi wis dak critakake marang mas
Hut, kang padatan mung ditanggapi sarana esem thok.
"Mas Hut, aku rada kuwatir ki," kandhaku sawijining
dina nalika aku sakloron lelungguhan ana sangisore wit