Ana sipat kang aneh dirasake Gendra keri-keri iki.Saka rumangsane kaya ana sing wis owah ing jiwane. minangka anggota pakumpulan jaranan “turangga Laras” ing desa Tamanreja dheweke asring kapatah nganggo topeng lucu minangka paraaga Penthul. Pakaryan kasebut wis suwe banget dilakoni, wiwit durung tetak nganti saiki wis uwanen. Kesenian jaranan tumrap Gendra wis mbalung sungsum. Ning keri-keri iki Gendra rumangsa angel anggone mbedakake sipat-sipate antarane lagi ing tengah kalangan apa lagi ing bebrayan nyata.
Uripe Gendra pancen ora pethal karo kesenian rakyat iki. Paribasane uripe mung ana ing tengahing kalangan, pindhah-pindhah panggonan, gumantung sapa sing nanggap pinangka gantungan uripe. Sandhang pangane uga saka Topeng Penthul ing tengah kalangan.Nganggo topeng palsu, sipat-sipat palsu, tansah kudu jingkrak-jingkrak gembira, tingkahe nganyelake lan gawe guyune penonton, clekithang-clekitheng gegojegan karo celengan lan barongan.
Ing pakumpulan jaranan “Turangga Laras” sing disenengi penonton ya gendra kuwi. Apa maneh yen wis kesurupan, tingkahe nggemesake, penonton mesthi keplok mawurahan. Kamangka, nalika tekan omah, Gendra rumangsa risi. Ing atase dadi cagake kulawarga, dheweke krasa uripe iki ngenes nes. Bojo nutuh, anak-anake lima isih semega kabeh pating crengek. Durung ketambahan ragade sekolah.
“Apa ora ana panggaotan liyane saliyane dadi tukang jaranan Kang. jamane jaman susah. kesenian jaranan sing kokantebi iku ora maregi.” ing sawijining dina Mitun, bojone, aruh-aruh.
“Aku ora golek pangan saka kesenian jaranan sing wis dakgeluti mataun-taun. Jaranan wis dadi getih-dagingku Tun. Yen pengin golek sandhang pangan kuwi dudu saka kene. Kesenian jaranan iki warisane leluhur, kudu ana sing nguri-uri, yen aku ninggalake sida kuwalat.” Gendra njawab karo ngelapi Topeng Penthul sing reged kena lebu.
84
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010